SELAMAT DATANG DAN BERGABUNG DENGAN KAMI

BACA DAN NIKMATILAH ARTIKEL-ARTIKEL SASTRA DAN BAHASA KAMI YANG TELAH TERMUAT DI BEBERAPA MEDIA MASSA, BAIK DALAM BENTUK BAHASA JAWA MAUPUN INDONESIA!

PENYEMANGAT

KEJAR TERUS DUNIA MAYA, ENGKAU PASTI MENDAPATKAN SEGALANYA!

Jumat, 19 September 2008

5. Guru Basa Jawa Aja Nganti Kentekan Crita

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.5, tanggal 2 Pebruari 2001)

Ana saweneh kanca guru sing duweni panemu, yen piwulangan Basa Jawa iku “monoton” utawa mboseni. Iki panemune sing dudu guru Basa Jawa mesthine. Yen manut aku ya ora. Sebab nyuguhake materi marang siswa iku gumantung gurune. Yen guru mau pancen mumpuni, materi apa wae, Matematika, apa Basa Inggris, apa Basa Indonesia, apa dene PPKn, lsp mesthi nyenengake lan siswa ora bakal bosen. Suwalike, manawa guru mau kurang wasis anggone nyugata utawa nransferake kawruhe marang siswa, bocah bakal bosen lan ora nggatekake. Mula saka iku guru tinuntut kudu aktif, kreatif, inovatif, lan duweni inisiatif kanggo ngolah kawruhe mau supaya dadi suguhan kang nengsemake.
Upama aweh piwulangan purwakanthi. Purwakanthi iki klebu materi piwulangan SLTP kelas siji cawu siji. Senajan wis kliwat cawune, nanging materi iki mengko isih kena kanggo ngedril siswa kelas telu sing arep ngadhepi EBTA. Purwakanthi asale saka tembung purwa kang ateges ngarep lan kanthi ateges gandheng. Dadi purwakanthi bisa ditegesi ana gandhengane/sambungane karo sing ngarep. Apa ta gandhengane iku? Gandhengane bisa swarane, bisa aksara matine (Ind. konsonan) lan bisa uga tembunge. Yen manut bausastra Jawa karyane S. Prawiro Atmodjo, purwakanthi yaiku tetembungan kang padha swarane utawa aksarane.
Puwakanthi iku kaperang dadi telu, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa/lumaksita/wewiletan. Tuladha purwakanthi guru swara: becik ketitik ala ketara, sing jujur bakal makmur, plonga-plongo kaya kebo, lsp. Tuladha purwakanthi guru sastra: sluman slumun slamet, tata titi tatas titis, sing goroh growah, lsp. Tuladha purwakanthi guru basa: kolik priya, priyagung Anjani Putra; tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka; timun munte telo lodheh, lsp.
Supaya siswa melu aktif marang lakune guru ing kelas, bandhingake purwakanthi karo istilah Indonesia. Purwakanthi padha karo “sajak/persamaan bunyi”. Yen purwakanthi cacahe mung ana telung warna, ing Indonesia ana nem warna (iki yen adhedhasar unine), yen adhedhasar panggonane seje maneh. Dadi purwakanthi ing basa Indonesia kepara luwih akeh. nem warna iku apa wae? 1. Sajak penuh, tuladhane: hati-mati, lantai-santai, lsp. 2. Sajak paruh, tuladhane: padi-peti, pisang-bintang, lsp. 3 Sajak mutlak, tuladhane: jua-jua, hijau-hijau, lsp. 4. Sajak aliterasi (sajak awal), tuladhane: lalu-lalang, warna-warta, lsp. 5. Sajak asonansi, tuladhane: tumbang-sumbang, datang-sayang, lsp. Sajak desonansi, tuladhane: tindak-tanduk, kocar-kacir, lsp.
Saliyane disambungake karo basa Indonesia, purwakanthi bisa uga digandhengake karo guritan. Tuladha:

Lagu Dolanan
Tu watu bunder dienciki mingar-minger
Ana maling mbedhah pager
Kecepit sikile minger
Asabetha-bethu-bether, asabetha-bethu-bether
-dhek jaman simbah durung lair
gambir-suruh mipir nyuwir
dhek jamane bapak tetak
wetenge sapa sing nate kebak?
+jaman kuwi mlayu, kanca
sapa ngira langite saya padhang
murah sandhang, murah pangan
ra keprungu truna sambat ra kuwat
bocah sekolah ngentekna ragat
Tu watu bunder dienciki mingar-minger
Laler gedhe jenenge kintel
Yen kwaregen thingel-thingel
Asabetha-bethu-bether, asabetha-bethu-bether
……………………………………………………………………………..
dening : Keliek Eswe
PS no.4, Januari 1994
Ing dhuwur iku tuladha guritan (Lagu Dolanan) sing migunakake purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru sastra. Purwakanthi guru swarane bisa dideleng saka tembung kang mawa swara: er-er, ir-ir, ak-ak, ang-ang, at-at, lan el-el. Dene purwakanthi guru sastrane katon ing tembung kang mawa aksara mati: b - th.
Ing ngisor iki tuladha lagu dolanan sing migunakake purwakanthi guru basa. Lagu/ tembang dolanan lisan lawas iki biyen nate dienggo dolanane mbakyu-mbakyu/kakang-kakang kita nalikane rembulan ndadari. Kaya mangkene cakepane:
GOTRI
Gotri ala gotri nagasari
Riwul awal-awul jenang kadul
Dulan awan-awan ndelok mantin
Titenana mbesuk gedhe dadi opo
Podhang bako enak bako sedhang
Dhangklek eklak-eklek dadi welek

JAM SIJI
Jam siji kliwat limo, montor
Montore mlayu ngidul, Dullah
Dullahe tunggu sawah, wahlang
Wahlange miber-miber, beras
Berase dipususi, Siti
Sitine budhal kerjo, jombrot karete diodhot-odhot

Purwakanthi guru basane cetha banget ing tuladha tembang dolanan lisan lawas kasebut. Wanda pungkasan ri dienggo ing tembung riwul, wanda pungkasan dul diambali maneh ing tembung dulan, lsp.
Kajaba guritan wujud tembang dolanan, guritan gagrak anyar uga akeh sing isih metungake purwakanthi. Tuladha:

FINISH
nalika adzan ngumandhang ing kuburan
nalika kain kafan mbuntel badan
lan
nalika lemah abang nutup lawang
sakabehing tetandhingan wus mungkur
kita kari ngenteni
menang apa kalah?
Dening: Kayati
PS no.7 Pebruari 1996

Bisa uga purwakanthi sinambungake karo lelagon kreasi anyar kang wiwit didhemeni kawula mudha utawa siswa-siswa. Tuladha lelagon sing migunakake purwakanthi guru swara:

KUNCUNG
(karyane Didi Kempot)
cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu ning kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …, pabrike rung dibangun
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
bis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
bis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder ser-ser
aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder ser-ser
bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki cerita jaman semana
da ta sa wa la
iki cerita saka wong tuwa

Kanthi tuladha sing maneka warna mau siswa bisaa nggolek tuladha liya ing buku-buku padene kalawarti utawa ngrungokake kaset, yen wis bisa nemokake diajab bisaa uga siswa nyiptakake dhewe. Mesthine ciptakane mau ora padha babar pisan karo sing wis diterangake guru utawa sing ana ing buku. Upamane mangkene, tuladha purwakanthi guru swara: Siti ing kali wingi bengi, Sing mecucu duwe untu telu klambi ungu, Sing ngawur digusur Pak Sur menyang sumur, lsp. Tuladha purwakanthi guru sastra: Kang-kang kok kowe kandha kaya kuwi, Manuke mabur mangetan macane mlayu mangulon, Simbah saiki sarapan sambel sesuk sore saos sasi sawal sate, lsp. Tuladha purwakanthi guru basa: Aku kuna nanging nginguku kucing Landa, Klambi abang-abang mateng-tengah wengi ngipi ngawang, Nggawa kates-kates gantung- tunggak jati-jatidhiri, lsp. yen wis bisa nyiptakake dhewe ayeges siswa mau wis ngerti lan paham karo katrangane gurune. Siswa bisa dadi mudheng tegese slogan-slogan lawas, geneya kok wong bodho mesthi kaya kebo kok dudu kaya sapi utawa jaran. Kamangka kebo, sapi, jaran padha bodhone. Oh … iku nganggo purwakanthi guru swara (sing padha swara o-o). geneya wong pinter kok mesthi dadi dhokter, dudu dadi insinyur, menteri, presiden, lsp. samono uga tumpakane kok helikopter, senajan ta akeh jinis pesawat liyane. Oh … iku madhakake swarane (sing padha swara er-er-er).
Muga-muga sing daktulis iki bisa nambah semangate para kanca Guru Basa Jawa anggone lelumban ing madyaning pendhidhikan. Muga-muga uga bisa ndadekake Basa Jawa minangka suguhan kang nenarik anak-anak dhidhik kita. Aja nganti siswa ora nggatekake materi kita sing mung nyandhang predhikat MULOK. Aja nganti Guru-guru Basa Jawa kekurangan bahan utawa crita. Kanthi mangkono siswa tetep rumangsa handarbeni marang Basa Jawa lan kita duweni generasi sing bisa marisi sarta nerusake basa lan budaya kang adiluhung iki. Sing luwih wigati maneh, muga-muga ramalane Pak Esmiet ing PPIA taun 1989, “Lonceng Kematian Sastra Jawa taun 2009” ora bakal dumadi lan “Wong Jawa taun 2025 isih bisa Basa Jawa.” Iki dongaku lan pangarep-arepku sesambungan karo pitakone DR Pranowo, M.Pd. (Caraka, No.01/4/98) kang tinulis Sanggar Sastra Triwida Tulungagung ing PS No.4 – 27 Januari 2001. Nuwun.

1 komentar:

Unknown mengatakan...

matur nuwun. materi punika mbiyantu sanget anggen kula mucal wonten SMP.:-)