SELAMAT DATANG DAN BERGABUNG DENGAN KAMI

BACA DAN NIKMATILAH ARTIKEL-ARTIKEL SASTRA DAN BAHASA KAMI YANG TELAH TERMUAT DI BEBERAPA MEDIA MASSA, BAIK DALAM BENTUK BAHASA JAWA MAUPUN INDONESIA!

PENYEMANGAT

KEJAR TERUS DUNIA MAYA, ENGKAU PASTI MENDAPATKAN SEGALANYA!

Jumat, 19 September 2008

10. Pro Kontra Piwulangan Unggah-ungguh Basa

(termuat di Mingguan Jaya Baya no. 28, Maret 2008)
(dening Karti Tuhu Utami)

Minangka guru basa Jawa, mongkoging atiku kaya-kaya ora bisa kagambarake. Mbokmanawa wae kena diparibasakake kadya nemu emas sakebo gedhene. Geneya mangkono? Iki gara-gara kawicaksanane Bapak Kepala anyarku, Drs. H. Abdul Rofiq Samsunnahar, M.Pd. Sarehne obah ngarep wusanane ya banjur kobet mburi.
Lha iya wis pirang-pirang puluh taun anggonku mulang Basa Jawa, rumangsaku kok lagi taun iki Basa Jawa entuk kawigaten mligi. Pangarsa sekolah dhawuh yen kanggo nyiyagakake SBI (Sekolah Berstandar Internasional), sawijine lembaga pendidikan kudu darbe ciri khas. Panjenengane nuli ngumandangake telung budaya sing kudu diterapake ing SMPN 1 Bangil, Kabupaten Pasuruan yaiku: kapisan, English Day (sedina ngomong nganggo basa Inggris); kapindho, Krama Inggil Day (sedina ngomong nganggo basa Krama Inggil) lan katelune, ngulinakake 3 S (Senyum, Salam, Salim) saben dina nalika wiwit mlebu regol sekolahan.
Program sekolah ‘Krama Inggil Day’, kang kudu katindakake saben dina Sabtu dening warga sekolah kasebut mujudake pamecut tumrapku anggone nggladhi siswa amrih bisa komunikasi nganggo basa Jawa krama. Gegayutan karo iku aku terus ‘jemput bola.’ Angger miwiti mlebu kelas (utamane kelas 9), aku atur pambagya, “Sugeng enjing, cah?” ... “Kadospundi kabar panjenengan?” ... Siswaku enggal mangsuli, “Sugeng enjing, Bu?” ... “Apik-apik wae!” ... “Bu, punapa basa kramane apik?” .. “Sae!” (wangsulanku) ... “Bu, kok panjenengan ngendikan panjenengan dhateng kula, mesthinipun rak kowe utawi sampeyan, wong kula menika taksih lare cilik?”
Aku mesem keprungu salah siji pitakone bocah kritis. Aku enggal mangsuli, “Ngene lho, Nak! Sakjane murid marang gurune iku kudu basa krama inggil, dene guru marang muride kudune basa ngoko. Geneya aku (minangka guru) kok ngetrepake basa krama inggil kanggomu? Iki mung saderma ngulinakake Kowe, supaya Kowe wasis ngetrepake basa krama inggil utawa paling ora ya kulina krungu pigunane tembung-tembung krama inggil kanthi trep. Pamikirku, yen Kowe ora nate krungu babar pisan, mesthine Kowe arep bakal wani utawa bisa ngomong nganggo basa krama inggil. Cethane, guru ngetrepake basa krama inggil tumrap siswane iku ora apa-apa. Iki rak sawijining strategi pembelajarane guru supaya nggayuh tujuan!“
Liya dina ing kelas kang beda, pitakonan padha uga keprungu. Aku ya tetep aweh wangsulan kang ora beda kaya wingi-wingi. Wusanane, para siswaku ngerti sing dakkarepake. Sawatara siswaku ya wiwit ana sing wani nyapa aku nganggo basa krama inggil, “Sugeng siyang, Bu? ... Panjenengan badhe tindak pundi? ... Menapa ingkang panjenengan asta?” lsp. Bubar takon-takon kaya mangkono mau, aku ya ora terus meneng, enggal wae daktakoni genti, “Sugeng siyang, Nak! ... Kula badhe dhateng ruwang guru! ... Kula samenika saweg nyepeng buku! Lah, panjenengan ugi badhe tindak pundi? Lajeng menapa ingkang panjenengan cepeng? ...” lsp.
Suwening-suwe pakulinanku ngetrepake tembung “panjenengan tumrap siswa” saya amba tebane nganti kepireng guru-guru liyane. Banjur, tuwuh pitakonan kang padha maneh saka saperanganing kanca guru. Aku ya panggah aweh wangsulan kaya wingi uni, kaya sing nate dakwenehake marang para siswaku. Wusanane nganti dinane iki isih ana saweneh guru kang ora sarujuk marang panemuku, “Mosok, kabeh siswane dipanjenengan-panjenengan, gak kuwalik tah?” celuluke.
Sejatine, ketemben ngerti kersane Pangarsa Sekolah bab arep dibudayakake “Basa Krama Inggil” ing dina tartamtu, kang dingendikakake nalika upacara rutinan dina Senin kepungkur, ati iki uga goreh. Bapak Kepala pancen ora sacara langsung aweh jejibahan kasebut marang aku, nanging minangka guru basa Jawa, ya wis samesthine yen aku mujudake pawongan kapisan kang darbe tanggungjawab marang kasil orane program mau (Eling-eling, aku pancen guru basa Jawa siji-sijine ing sekolahan kasebut).
Wusanane aku wiwit mikir, strategi apa lan kepriye sing bisa cepet ngasilake utawa nggayuh tujuan. Aku banjur ngeling-eling jaman kawuri lan enggal nakoni awakku dhewe, “Piye ta larah-larahe biyen, kok aku saiki dadi bisa basa, kamangka lingkunganku wektu iku ora nyengkuyung babar pisan?” Anggonku mikir bab kasebut ora cukup sakjam-rong jam, nanging nganti sawatara dina suwene. Aku terus kelingan marang guruku SPG biyen yaiku panjenengane Bapa Abi Kusno. Bapa Abi Kusno kasebut yen mulang siswa dhong piwulangan Basa Daerah, panjenengane ya ngetrepake tembung panjenengan marang kabeh siswane. Aku banjur nuladha strategi kasebut.
Ora mung iku wae, ing minggu-minggu keri-keri iki nalika mlebu kelas, aku wiwit ngulinakake ngomong nganggo basa krama inggil ing dalem wektu sepuluh utawa limalas menit. Kadang nyapa siswa, nakoni siswa, crita kegiyatan esukku wektu iku, crita pengalamaku maca buku, ngrembug isine cerkak, lsp. Kabeh mau dakbabar nganggo basa krama inggil.
Bebarengan karo iku, tan lali dakupayakake ana salah siji utawa loro siswaku sing kudu gelem maju ngarep kelas, nuli nindakake kegiyatan kang padha karo aku. Anggone ngutus, aku ora nunjuk langsung nanging kanthi cara lelangan. Sapa sing wani maju daksumanggakake, sing durung wani dakwenehi motivasi.
Tumraping siswa sing wis gelem crita/ngomong nganggo basa krama inggil ing ngarep kelas, jenenge banjur dakcathet ing buku jurnalku. Iki minangka pratandha yen siswa wis entuk poin mligi tumrap kabisane.
Perlu kawuningan, sakehing rerangken kegiyatanku mau daktindakake ora ana tujuan liya, kajaba mung supaya siswa bisa nyemak/kulina krungu tembung-tembung krama inggil lan bisa ngomong nganggo basa krama inggil. Kanthi mangkono, siswa dadi sugih tetembungan lan kendel ndungkapake panguneg-unege mawa basa Jawa cundhuk karo unggah-ungguhe.. Rumangsaku kok ya ana owah-owahan tumrap siswaku sawise kabeh mau daktrepake. (senajan ta aku isih durung nliti kanthi premati asil strategi kasebut).
Isih gegayutan karo program budaya Jawa, Kaur OSIS SMP-ku uga paring kalodhangan kanggo aku supaya ngrembakakake Sastra lan Basa Jawa liwat kegiyatan ekstrakurikuler. Mesthine, bab iki magepokan karo bengkel sastra (maca lan yasa guritan, ndhapuk cakepan tembang lan gladhen nembang Macapat, maca lan ngripta cerkak, gawe naskah pidhato lan gladhen pidhato, lsp).
Sejatine magepokan karo tulisan utawa irah-irahanku ing dhuwur, ana siji karep sing dakajab saka pamaos, “Sepisan, mbok tulung aku diparingi iguh pratikel kepriye carane nggladhi siswa supaya luwih cepet bisa ngetrepake basa krama inggil. Kapindho, materi apa wae sing bisa kanggo isine kegiatan ekstrakurikuler bengkel sastra lan sastra Jawa? Karepku, mumpung angine wiwit seger lan rodhane piwulangan basa Jawa ing SMP-ku lagi manggon ing dhuwur!”
Muga-muga panyuwunku enggal entuk tanggapan saka sok sapaa wae sing tresna marang basa, sastra, lan budaya Jawa. Kanthi mangkono sanggaku sing abot ning nyenengake tur agawe mongkog iki enggal entheng lan maremake.***

9. Nandur Budi Pekerti Luhuring Siswa Liwat Geguritan

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.6, Taun 2003)

Kaya kang kawuningan yen pemerintah kita wiwit mrogramake Pendhidhikan Budi Pekerti liwat Pendhidhikan Dhasar (SD/MI, SLTP/MTs) lan Pendhidhikan Menengah (SMU/SMK/MA) sacara komprehensif, sinambungan, lan sinergis. Strategi tumapake program Pendhidhikan Budi Pekerti iki diorganisasekake minangka bagean integral saka mata pelajaran kang relevan kayadene Pendhidhikan Agama, PPKn, sarta Basa lan Sastra Indonesia. Dene tumindake wiwit dilaksanakake TP. 2001/2002.
Apa ta sing dikarepake Pendhidhikan Budi Pekerti iku? Pendhidhikan Budi Pekerti yaiku proses pendhidhikan kang ditujokake kanggo ngrembakakake nilai, sikap, lan perilakune siswa kang nyunarake akhlak kang mulya/luhur. Dene nilai-nilai budi pekerti sing dikarepake, upamane: amal saleh, amanah, duweni prasangka becik, kerja kanthi semangat, wani tumindak bener, wani nanggung resiko, dhisiplin, duweni imtaq, duweni inisiatif, prasaja, konstruktif, tanggung jawab, tenggang rasa, wicaksana, cerdhas, cermat, demokratis, dinamis, efisien, gemi, ekhlas, jujur, ksatriya, kreatif, mandiri, manusiawi, ngurmati panemune liyan, ngurmati wektu, prodhuktif, sregep, duweni rasa isin, sabar, setya, adil, sopan-santun, tawakal, ulet, lsp. (Pendidikan Budi Pekerti, Deppenas Dirjen Pendidikan Dasar dan Menengah Jakarta, 2000).
Para pendhidhik umume lan mligine para guru nyambut kanthi becik anane programing pemerintah mau. Eling-eling arep diwiwitine Pasar Bebas Asia-Afrika (AFTA) ing taun 2002 iki lan bakal tekane Pasar Bebas Internasional (NOFTA) ing taun 2010 mengko. Kita bisa mbayangake ing pasar bebas kasebut, pira cacahe prodhuk-prodhuk manca sing bakal mlebu menyang negarane dhewe. Mesthine, tekane prodhuk-prodhuk mau uga dibarengi karo budaya-budaya manca kasebut. Yen nganti pondhasi budi pekerti luhure siswa/generasi mudha kita ora kuwat, generasi-generasi mudha kita bakal kanthi gampang kena pengaruh budaya-budaya asing mau. Kamangka budaya-budaya kasebut durung mesthi yen cocok karo situasi kondisi bangsa kita Indonesia. Mula saka iku Pendhidhikan Budi Pekerti kang dadi programing pemerintah iki diajab bisaa kanggo tameng/filter mlebune budaya-budaya asing kasebut.
Senajan ta programe pemerintah mung nulisake mata pelajaran kang relevan iku Pendhidhikan Agama, PPKn sarta Basa lan Sastra Indonesia, dene mata pelajaran Mulok Basa lan Sastra Jawa ora katut tinulisake, guru-guru basa Jawa aja banjur nglokro. Yen manut penulis, mata pelajaran Basa Jawa relevan banget kanggo nandur budi pekerti luhure siswa liwat perangan materi apa wae. Bisa liwat wacanane, kosa katane, strukture, tulisan aksara Jawane, unggah-ungguh basane, luwih-luwih liwat apresiasi sastrane.
Ing ngisor iki penulis nyoba nyuguhake geguritan (salah siji perangan materi apresiasi sastra) kanggo nandur budi pekerti luhure siswa.
Tuladha:
a. Sun nggegurit:
Kahanan jaman samangka,
Sipating mudhi lan mudha,
Srawunge saya ndadra,
Raket nilar ing weweka,
Tan kadya jaman samana,
Tansah nganggo tata krama
(Ringkesan lan Latihan Basa Jawa, kaca 15, Cempaka Putih, Solo)

Yen ginancarake, guritan kasebut dadine mangkene:
Sun nggegurit:
Kaanan ing jaman saiki (jaman era globalisasi)/ sifate pemudha lan pemudhi/ pasrawungane saya kendel (wani)/ pasrawungane dadi rumaket nganti ninggal pangati-ati/ ora kaya jaman biyen (kuna)/ priya lan wanita anggone srawung tansah nganggo tata krama.
Sawise ginancarake, guru mau bisa crita marang siswane akibat-akibate pasrawungan bebas kang ditindakake pemudha-pemudhi ing jaman saiki, upamane: dumadine kasus pelecehan seksual, ilange martabate kaum wanita, para siswa dadi kesusu utawa selak kepengin omah-omah (kamangka durung cukup umure), para siswa dadi pedhot/putus sekolah, para siswa dadi padha ora semangat sekolah lan sinaune. Jalaran mung ngeling-eling kanca rakete, bisa uga dadi dhemen ngapusi wong tuwane (pamit budhal sekolah, jebul mbolos lan dolan karo sayange), lsp.
b. Mbarang
bocah cilik manis kakang-adhi
runtang-runtung nyang endi-endi
nyangking angklung saka bumbung
mlebu lurung metu lurung

bocah cilik manis kedhana-kedhini
runtang-runtung mbarang saparan-paran
ngupa boga nyambung panguripan sadulitan
nambal nistha sing lunga-teka wira-wiri, nrenyuhi

nembanga lagu-lagu, memelasi
mbukak babad ngenesi ati
koncatan bapa-biyung, dheweke tininggal keri

bocah cilik manis kedhana-kedhini
runtang-runtung nyang endi-endi
dina-dina uripe kaliput ayang-ayange mega
( Dyan Annimataya Soer )

Yen ginancarake mangkene:
Ngamen
Bocah cilik loro kakang-adhi kang manis/ tansah runtang-runtung bebarenngan menyang ngendi-endi/ kekarone padha nyangking angklung saka bumbung/ mlebu-metu kampung turut sadawane dalan.
Bocah cilik loro lanang-wadon tunggal bapa biyung/ tansah runtang-runtung bebarengan ngamen ing saparan-paran/ golek pangan kanggo nyambung panguripan sawatara ing alam donya/ kanggo nutup kekurangan utawa kecingkrangan kang lumintu tanpa kendhat, kekarone yen sinawang katon tansah nrenyuhake.
Kekarone bola-bali nembangake lagu-lagu, kang isine melas banget/ isine tembange nyritakake sejarahing uripe kang ngenes-enesi ati/ bocah loro mau tininggal seda bapa-biyunge, ora duweni sanak-sadulur, mung kari dheweke sakloron.
Bocah cilik loro lanang-wadon tunggal bapa-biyung/ tansah runtang-runtung bebarenngan menyang ngendi-endi/ saben dina uripe mung tansah susah lan ora nate tinemu bungah.


Sing bisa dicritakake guru marang siswane ing guritan kasebut yaiku kita minangka manungsa kang urip ing alam donya kudu duweni rasa welas asih mring sapepadha, luwih-luwih maranng bocah yatim piatu. Urip ing alam bonya ngono sedhela, ibarate mung mampir ngombe. Rodha panguripan bakal terus muter, ana kalane ing dhuwur lan ing sawijine mangsa bakal ana ngisor. Samangsa ing dhuwur kita kudu tansah eling, yen sing gawe kita enak, kepenak, seneng, sarwa kecukupan, tansah mubra-mubru iku Gusti Allah. Mula yen ndeleng bocah ngamen kaya ing guritan mau, kita kudu tumindak dermawan. Samangsa kita kepeksa ora bisa derma/asung paweweh, kita kudu alok kanthi basa kang alus, dudu mawa tembung kasar utawa ngina. Pancen yen digathukake klawan kahanan jaman saiki, wong ngamen ngono beda-beda tujuane. Ana sing mung karana hobi (ngene iki sok-sok, ora golek dhuwit, nanging mung kanggo ngembangake bakat/golek pengalaman wae). Ana sing pancen kanggo golek dhuwit. Sing golek dhuwit iki ya isih ana werna loro wujude. Ana sing temen-temen ngupaya dhuwit kanggo nyambung uripe lan ana uga sing olehe dhuwit mung kanggo maksiyat, upamane: kanggo tuku narkoba, kanggo dolan ing papan pelanyahan, kanggo judi/main utawa omben-omben, lsp. uwal saka kabeh iku mau, kita ora perlu golek-golek lan kepengin weruh tujuane wong ngamen, mung wae rak katon cetha ta bedane antarane sing temenan lan sing ora. Yen pancen kita duwe, ya ayo tumindak sedhekah lan yen dhong ora duwe, ya nganggoa tembung kang manis.

c. Critakna Kang Trawaca
wus dakwaca guritanmu
atiku sakal geter
bener, urip iki pancen
kebak misteri, ing ngendi-endi
srengengene ngemu pedhut

wus dakwaca guritanmu
mripatku kala-kala kembeng
apa bener kabeh iki bakal muspra
cuthel, kaca candhake ora ana

critakna,
ana apa ing sajroning puspa kang mekrok kae
gumenggrenge lar tawon kang kumudu nyesep madu
lan barat kang pijer ngulandara

ana apa sabenere
critakna
kang trawaca
(Mukti Sutaman SP)

Yen ginancarake mangkene:
Critakna Kang Trawaca
Aku wis maca critamu ing guritan/nalika dakwaca atiku sakala dadi geter/ bener critamu, yen urip ing alam donya iki pancen/ kebak dening misteri, misteri mau pancen ing ngendi-endi/ tuladhane kaya srengenge kang lagi katutupan pedhut.
Aku wis maca critamu ing guritan/ nalika dakwaca mripatku kala-kala kembeng luh/ aku isih durung precaya nemen/ apa bener kabeh ing alam donya iki bakal muspra/ cuthel (kandheg), crita ing alam donya bakal ora ana maneh kaca candhake (terusane).
Kanca ayo critakna/ ana misteri apa ing sajroning puspa (kembang) kang mekrok (mekar) kae/ swara gumenggrenge lar tawon kang kumudu-kudu nyesep madu/ lan barat (angin) kang tansah ngulandara (ngumbara).
Ana apa sabenere ing alam donya iki/ayo enggal critakna/ critakna kanthi trawaca (cetha/gamblang).

Sing bisa dicritakake marang siswa tumrap guritan kasebut yaiku yen alam donya ngono ora langgeng sipate. Alam donya iku kebak dening misteri. Manungsa iku kudune gelem mikir-mikir sakehing misteri mau, upamane: geneya ana srengenge kok ketutupan pedhut? Ana kembang kok bisa mekrok (mekar)? Ana lar tawon kok bisa nyuwara gumenggreng lan geneya tawon kok seneng nyesep madune kembang? geneya uga angin kok terus ngulandara (ngumbara) lan ora gelem mandheg? Sejatine yen dipikir-pikir sing nyipta lan sing nitahake kabeh mau ora liya ya mung Gusti Allah, semono uga sakabehing isine alam donya iki. Lan prelu kawuningan yen kabeh mau mupangate mung kanggo nyukupi kebutuhane manungsa. Sabanjure kabeh ing alam donya iki pancen ora lestari. Kahanane donya iki yen wis titi mangsane bakal mandheg (ing dina kiamat). Sing langgeng, lestari, lan terus abadi yaiku Sang Khaliq (Gusti Allah) lan alam akherat kang wis ciniptakake.
Ing dhuwur kasebut mung sawatara tuladha kanggo nuwuhake budi pekerti luhure siswa. Guritan-guritan kasebut bisa dijupuk saka buku-buku piwulangan, kalawarti-kalawarti basa Jawa utawa saka Antoligine Bapak Suripan Sadi Hutomo. Kanthi memaca lan mangerteni isine guritan, diajab bisaa siswa thukul sopan-santune, semangate, kejujurane, welas asih mring sapepadha, andhap asor, iman lan taqwane, lsp kaya kang katulis ing nilai-nilai budi pekerti sajrone programe pamarentah kasebut. Ing SLTP iku rak ana materi geguritan kang kudu diwulangake marang siswa. Sadurunge diwaca, siswa rak ya kudu ngerti dhisik karepe. Mula saka iku guru kudu bisa nerangake siji mbaka siji tembung-tembunge kang angel (mawa pegangan bausastra Jawa). Sabanjure njlentrehake ukara siji lan liyane, terus digathuk-gathukake. Ing saben padane lan pungkasane ngupaya bebarengan karo siswane kanggo mangerteni isine guritan kasebut. Sepisan maneh dakambali, sing bisa kanggo nuwuhake budi pekerti luhure siswa iku dudu kok liwat geguritan wae, bisa uga liwat tembang Macapat, liwat crita cekak, dongeng, utawa apresiasi sastra liyane. Materi-materi kabeh mau mung minangka srana kanggo nggayuh tujuwan. Sebab, saben karangan (kang wujud sastra utawa dudu)mesthi duweni pesen sing arep disampekake dening pangriptane marang pamaca. Lan pesen-pesen mau mesthi bakal migunani tumrap ngaurip ing madyaning bebrayan, mulane ya kudu digoleki. Muga-muga sing daktulis iki bisa nggrengsengake semangate para guru basa Jawa anggone kiprah ing era globalisasi iki.

8. Ngonceki Isine Crita Sambung “Keplesed” Anggitane Ismoe Rianto

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.49, Taun 2002)

“Keplesed” mujudake crita sambung kang mawa tema detektif. Tembung “keplesed” ateges kemletre (amarga lunyu/ora pener/ora klakon apa kang dikarepake)-bausastra Jawa dening S. Prawiro Atmodjo, 1999, kaca 333. Ing crita sambung kasebut “keplesed” nggambarake pasrawungane kenya aran Dian Anggraeni karo Adhek (= Digdhaya/jeneng asline) kang kurang pangati-atine, saengga ngakibatake cilakane kenya mau. Pralambang sesrawungan kenya klawan priya kang memper karo paraga utama Dian Anggraeni karo Adhek iki dicethakake maneh dening pangripta ing episode sabanjure yaiku kanthi munculake paraga sampingan aran Sumirah lan Yok. Sumirah uga ginambarake minangka pralambang kenya kang ora begja uripe jalaran kapusan dening sawijine priya kang aran Yok. Kanthi tuladhja loro iki , pangripta aweh sasmita yen banget meling marang kaum wanita supaya tansah ngati-ati anggone sesrawungan karo kaum priya. Luwih-luwih yen pancen durung tepung temenan. Aja nembe tepung wae, banjur terus gelem dipacari.
Saliyane pesen sinandi kang tinuturake pangripta marang pamaos, uga isih akeh maneh pesen kang tinulis ing crita sambung kasebut, ing antarane yaiku: Sepisan, polisi anggone interogasi marang pawongan kang tinuduh luput kudune wis ora mawa “kekerasan”, sebab wis dudu jamane maneh. Kapindho, ndunungake marang masyarakat, yen entuk surat panggilan saka kapolisen kudune ora perlu wedi, sebab wong sing diundang menyang kantor polisi iku durung mesthi yen duweni luput lan manawa wa mung dijaluki katrangan sawijine bab. Katelu, polisi utawa penegak hukum kudune duweni semboyan “luwih becik ngeculake wong sing luput, tinimbang kebacut matrapi paukuman marang pawongan sing ing tembene pranyata ora luput”. Kapapat, pangripta ngyakinake bebrayan agung, yen sejatine tindak kadurjanan iku mesthi bakal kawiyak ing wusanane. Sebab, sarapi-rapine anggone nutupi tindak kadurjanan mau mesthi isih ninggal tabet. Kalima, pangripta njlentrehake marang masyarakat, yen sok sapaa wae sing ngadhepi wong akeh mesthi nemoni pakewuh. Gambaran ing madyaning bebrayan mangkene: nalika polisi mbengkas durjana (mbedhil/mateni/natoni), sing dirampog/sing dilarani dening durjana mesthi bakal seneng lan sarujuk marang tumindake polisi mau. Nanging suwalike, sing kelangan durjanane (apa iku wong tuwane/bojone durjana) mesthi bakal nganggep yen tumindake polisi mau “sawenang-wenang” utawa nglanggar HAM (Hak Azazi Manusia). Kanem, pangripta aweh sindiran alus marang polisi/aparat negara, yen samangsa polisi durung kasil/durung entuk gawe saka kuwajibane mbengkas durjana, polisi mau ora perlu isin marang masyarakat, nanging polisi kudune isin marang awake dhewe sing wis diblanja negara. Iki ngemu teges, yen sejatine polisi/penegak hukum kudu temen-temen anggone nindakake jejibahane miangka aparat negara kang uga pengabdi lan pengayom masyarakat. Sing pungkasan, pangripta aweh tuladha sing ora patut tinuladha yaiku pangajake wong lanang (bojo lanang) sing marahi sasar tumrap uripe wong wadon.
Donyane batur/rewang uga ginambarake pangripta ing crita sambung kasebut. Batur jaman biyen lan saiki iku adoh sungsate. Yen jaman biyen, sing jeneng baturiku dandan lan busanane sarwa lugu lan prasaja. Nanging ing jaman saiki, para batur padha manganggo niru bendarane lan malah ngungkuli bendara-bendarane. Ing crita kasebut, paraga Sumirah (bature Dian Anggraeni) kang minangka pralambange batur jaman modern. Suwalike, pangripta uga isih ora lali nggambarake batur modhel kuna sing diparagakake dening Mak Siti. Mak Siti, kang uga bature Dian, duweni anak aran Minto. Sarehne Minto tansah gawe kisruh ing bale somahe Dian Anggraeni, mula Mak Siti banjur pamit metu (undur dhiri) saka omahe Dian. Iku nuduhake yen batur kuna iku isih ngugemi adat wetanan kang aran tepa slira. Lan metune mau kanthi cara kang becik, yaiku ninggal Partiyem (gawanane) minangka gentine tenagane Mak Siti kasebut. Ing kene cetha banget gagasane pangripta kang mengku karep, yen sejatine unggah-ungguh pranatan Jawa ing madyaning bebrayan modern pancen wis luntur.
Pangajabe pangripta ing crita sambung kasebut uga katon ing kisah katresnane Johanes kang tinampik dening Dian Anggraeni. Ing kene pangripta ngugemi sesanti kuna “Wong lanang iku wenang milih lan wong wadon wenang nolak.” Kisah katresnane ginambarake sareh banget. Panampike Dian tumrap katresnane Johanes dibarengi karo tumindake Dian kang ngajokake kancane dhewe supaya gelem dadi sesulihe. Mula senajan ta ora dadi karo Dian Anggraeni, si Johanes lan bojone (tilas kancane Dian) mau panggah isih memitran apik. Pangajab kapindho yaiku pangripta nggambarake marang masyarakat kepriye pangrasane kawula cilik kang tininggal mati bendarane. Ing kene diparagakk\ake dening Partiyem kang banget rumangsa kelangan tininggal Dian Anggraeni. Pangripta pinter banget nguripake kahanan kasebut saengga mandhes tumus ing atine pamaos, nganti pamaos bisa mbayangake rumakete memitran/kekeluargaan kang wis rinonce sasuwene iki. Nanging sadurunge mangerteni kanthi tenanan critane, pamaos sujana marang kahanane Partiyem, mbokmanawa Partiyem kang dadi durjanane.
Bab donyane salon, pangripta katone paham banget. pangripta bisa nggambarake nganti tekan bab sing cilik-cilik. Kepriye kudune salon? Fasilitas apa wae sing prelu kanggo nyervispelanggan? Lsp. Semono uga donyane pelanyahan. Pangripta bisa nggambarake kahanane wanita pelanyahan nganti detil. Kepriye pakulinane wanita-wanita mau? Kepriye kahanan lingkungan sakiwa-tengene pelanyahan kasebut? Kepriye solah-tingkahe tamu-tamu sing padha mara? Apa wae lumrahe kang sumadya ing panggonan kasebut? Lsp.
Saliyane donyane salon lan pelanyahan, pangripta uga paham banget bab donyane detektif kang pancen dadi punjere crita sambung kasebut. Pangripta wasis banget anggone ngenggak-ngenggokake crita nganti pamaos kangelan anggone mbatang durjanane lan bolak-balik kecelik. Ing episode kapisan, pangripta wiwit nepungake paraga utama Dian Anggraeni kang ilang. Episode kapindho, ditemokake Dian Anggraeni mati ing kali dening Nardi lan Slamet. Episode katelu, polisi wiwit sujana marang Adhek (pacare Dian). Episode kapapat, pamaos dadi samar antarane Adhek karo Partiyem. Sebab, Partiyem ginambarake pangripta kanthi kahanan tangane grewelan, dhengkule kothekan nalika ngengakake lawang tumrap polisi. Ditambah maneh pipine bengep, mripate abang mbendhul, tangise mingseg-mingseg, eluhe dleweran, lan sedhela-sedhela gap-gapan. Kahanan sing ginambarake pangripta iku kaya-kaya lumrahe wong salah wae. Mulane ing atine pamaos banjur thukul pitakonan, mbokmanawa Partiyem durjanane? Episode kalima, sujana tumuju marang Sumirah (tilas bature Dian kang dadi pelanyahan). Episode kanem, munculake paraga anyar Sofi lan Wondo sarta Mumun. Episode kapitu, sujana tumuju marang pacare Sumirah kang aran Yok. Nanging pamaos banjur kecelik, nalika pangripta nyritakake paraga Yok mati kinroyok massa jalaran konangan anggone nyolong sepedhah montor. Episode kawolu, pamaos wiwit nyujanani anake Mak Siti (batur lawase kulawargane Dian) kang aran Minto. Sebab ing episode iki, Minto dicritakake asolah tingkah kurang becik. Episode kasanga, isih durung ana titik terang lan pikirane pamaos ginawe ngambang dening pangripta. Mung wae muncul paraga anyar aran Muntazzah. Episode kasepuluh, pamaos ginawe penasaran maneh dening pangripta, sebab anane paraga Muntazzah kang nangani Bank Kawan Sendiri bagian Teller. Episode kasewelas, wiwit ana titik terang kanthi anane paraga Dikdhaya (bojone Muntazzah). Nanging dening pangripta isih dikaburake maneh marang critane Mak Siti (batur lawase kulawargane Dian) bab katresnane Johanes kang nate tinampik Dian. Tuwuh maneh macem-macem pitakonan ing pikirane pamaos, “Sapa sejatine sing merjaya Dian?”. Episode karolas, pangripta munculake paraga anyar maneh aran Bahrul lan Dawir kang ana sambung rapete karo Adhek. Episode katelulas, crita sambung kasebut dipungkasi dening pangripta. Durjanane yaiku Adhek (jeneng asline Digdhaya) kang jebule bojone Mumun (jeneng liyane Muntazzah). Anggone merjaya Dian, Adhek rinewangan dening Bahrul lan Dawir.
Ana uga kahanan antagonis kang disuguhake pangripta nalika pamaos njingglengi tanggal kadadean yaiku dina Setu, tanggal telulas banjur episode ya dipungkasi nganti telulas. Iki mertandhani yen pangripta isih ngugemi adat kuna utawa gugon tuhon, yen telulas iku lambang sing ora begja (lambang angka sial). Bab iki kontras banget karo pengalamane pangripta kang wis mbeberake donyane pelanyahan, donyane salon kang modern, donyane batur mangsa saiki, lsp. Yen ngematake pengalaman moderne pangripta, ing atine pamaos banjur thukul pangundamana, “Wong modern kok isih precaya marang mistik.”
Ing episode kanem, katon ora lumrah critane lan duweni “kesan” kaya dianak-anakake. Episode iki nyritakake yen Sofi pacaran karo Wondo. Kekarone padu sadawane dalan banjur mandheg ing ngarepe omahe Adhek. Wondo terus lunga nggeblas ninggalake Sofi. Bubar iku Adhek metu saka omahe, terus nakono Sofi karo ngejak numpak taksi tumuju menyang Taman Pantai. Sing dikarepake pangripta, Sofi kuwi sejatine polisi/sersan kang nyamar lan arep golek sisik melik bab patine Dian, kang mbokmanawa ana sambung rapete karo Adhek. Gagasane pangripta ing episode iki mesthine arep menehi kesan kahanan kang “kebeneran/ora disengaja” nanging kesane pamaos malah kaya kahanan kang “digawe-gawe” lan ora salumrahe. Yen crita bab nepungake Mumun (kanthi kahanan ngandhut, kang minangka ponakane Adhek) ing sawijine rumah makan kesane pancen lumrah.
Sing rada mbingungi maneh yaiku crita ing episode kapapat, nalika digathukake karo episode kapisan. Ing episode kapapat, dicritakake yen Dian Anggraeni dipethuk P. Maksum (sopir) jam setengah wolu. Banjur jam rolas Dian tilpun arep nekani undhangan ing Gedhong Mahardika lan ora mulih dhisik (langsung budhal saka Salon Anggrek). Jam setengah sewelas Adhek teka numpak taksi ireng karo kancane lanang rambut gundhul. Ing episode kapisan dicritakake yen Dian Anggraeni wiwit jam lima wis siyaga budhal nekani undhangan kang diterake dening sopir sedhan aran Harry. Banjur jam pitu mampir Mutiara Plaza saprelu njupuk kado. Ing kono rak ora tinulis awan-bengine jam-jame mau. Semono uga tekane Adhek ing ngendi? Ing salon apa ing omahe Dian? Uga sopir-sopire mau, sapa iku Maksum? Sapa iku Harry? Kanggo mahami episode kapapat iki dibutuhake waktu kang rada akeh kanggo mbolan-mbaleni anggone maca. Nanging suwening-suwe pamaos ya dadi paham temenan critane, senajan ta wiwitane rada bingung. Mbokmanawa wae pancen digawe mangkono dening Ismoe Rianto.
Isih kabur maneh bab panemune buku hariane Dian ing episode kawolu. Yen karepe pangripta mung nyritakake latar wurine Dian Anggraeni supaya pamaos dadi saya tepung marang paraga utamane, pamaos pancen dadi saya ngerti kanthi detil bab kahanane Dian. Nanging yen karo pangripta banjur digathukake karo Adhek, apa perlune? Wong ing kono wis tinulis pangripta (liwat paraga Partiyem) yen Adhek wis ngerti yen Dian iku lola. Dadi senajan ta ora maca buku hariane Dian, Adhek pancen wis paham, sapa sejatine Dian? Nanging geneya tekane Adhek ing omahe Dian mau kok disujanani kira-kira arep njupuk buku harian kasebut lan penting sarta mbebayani tumrape Adhek? Kamangka isine buku harian mung riwayat uripe Dian lan kulawargane wae sarta ora ana bab wigati utawa donya brana kang aji maneh sing kudu diweruhi.
Pungkasane, dudutan sing bisa dijupuk saka crita sambung “keplesed” yaiku sacara global critane apik lan klebu nalar. Detektif kang dadi temane nyukupi syarate yaiku wis bisa gawe pamaos tansah kepengin weruh bacurte, tansah gawe penasarane pamaos lan nalika pamaos melu nebak-nebak durjanane, pamaos bola-bali kecelik. Playune pangripta anggone arep ndunungake durjanane pelik banget, dietutake mrene playune mrana lan dietutake mrana playune mrene, ngono wae sateruse. Sok ngonoa pamaos ora bosen lan kesel anggone ngoyak, terus wae dietutake salaku-playune nganti pungkasane mandheg ing angka sial “telulas”.
Pesen kang dadi pangajabe pangripta akeh banget. Ana sing wujud nasihat/pituture pangripta, ana sing wujud tuladha liwat paraga-paragane lan ana uga sing wujud sindiran alus. Pesen sing ora tinulis uga ana yaiku sinandi ing crita kang bisa dijupuk piguna lan paedahe dening pamaos.
Muga-muga kang dadi pangajabe pangripta kang uga mujudake kritik sosial sastra tumrape masyarakat bisa dipahami, dimangerteni, lan diamalake pamaos ing madyaning bebrayan agung sajrone panguripan sadina-dinane. Nuwun.

7. Urun Rembug Bab Panulise Tembung-tembung Jawa

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.10, Taun 2002)

Nalika aku maca serataning sedulur Soewito (Kebumen) ing rubrik Layang Saka Warga (LSW) sajroning PS no 2 – 12 Januari 2002, aku dadi kepengin melu cawe-cawe bab panulising tembung-tembung Jawa. Ing layang kasebut disuwunpirsakake penulis “puro” apa “pura” sing bener. Samono uga tulisan “Mangkunegoro” apa “Mangkunegara” lan “Pangeran Sambernyowo” apa “Pangeran Sambernyawa”. Sejatine bab iki ana gegayutane karo swara jejeg lan swara miring.
Aksara urip a iku ing tembung-tembung Jawa, pancene ana sing nganggo swara jejeg lan ana sing nganggo swara miring. Wujud panulising pancen a, nanging pamacane warna loro. Sing migunakake swara a jejeg, upamane: jawa (Ind. pulau), maca (Ind. membaca), bala (Ind. laskar), lsp. Dene sing migunakake swara a miring, tuladhane: jawah (Ind. hujan), macak (Ind. berhias), balang (Ind. lempar), lsp.
Kapan ta aksara urip a diwaca nganggo swara jejeg lan kapan uga diwaca nganggo swara a miring? Tembung-tembung Jawa sing tanpa sigeg lumrahe diwaca nganggo swara jejeg, tuladha: gela (ind. kecewa), sela (Ind. senggang), kera (Ind. kurus), lsp. Nanging manawa tembung-tembung mau entuk sigeg, pamacane aksara urip a dadi miring, tuladha: gelas (Ind. tempat minum), selak (Ind. segera), keram (Ind. kejang ), lsp.
Bedane karo basa Indonesia, yen basa Indonesia wujud panulise aksara urip a (vokal a) mung diwaca warna siji, yaiku diwaca kaya swara a miring ing basa Jawa.dadi ketemu aksara urip a ing tembung-tembung basa Indonesia apa wae pamacane tetep padha, senajan ta tembung-tembung mau tanpa sigeg utawa mawa sigeg.
Yen sedulur Soewito nyuwun pirsa “puro” apa “pura” sing bener panulise mesthine “pura” (pamacane nganggo swara a jejeg). Pancen swara a jejeg iku kaya-kaya meh padha swarane karo swara o miring. Mulane yen kurang paham temenan sok-sok dadi lira-liru antarane swara a jejeg karo swara o miring mau.
Tuladha tembung-tembung Jawa sing nganggo swara o jejeg yaiku poso (Ind.mampus), toro (Ind. baju kurung), loro (Ind. dua), lsp. Dene sing mawa swara o miring, upamane posol (Ind. jagung muda), torong (Ind. corong), lorod (Ind. diturunkan), lsp.
Yen panulise swara o jejeg kleru nganggo a jejeg, tembunge dadi beda tegese, upama: loro (Ind. dua) ditulis lara (Ind. sakit), poso (Ind. mampus) ditulis pasa (Ind. puasa), polo (Ind. benak otak) ditulis pala (Ind. rempah-rempah), lsp. Samono uga swara o miring, yen nganti ditulis nganggo a miring, tegese uga beda, tuladhane: bolong (Ind. lubang) ditulis balang (Ind. lempar), lowok (Ind. lowong) ditulis lawak (Ind. pelawak), dhoyong (Ind. condong) ditulis dhayang (Ind. gadis pelayan istana), lsp.
Tuladha liyane maneh bab swara a lan o kang asring lira-liru panulise yaiku: lara-loro, keba-kebo, mata-moto, hama-homo, randha-rondha, dina-dino, gela-gelo, tala-tolo, cara-coro, laga-logo, kana-kono, mrana-mrono, yudha-yudho, laya-loyo, nyata-nyoto, lsp.
Tumrap panulising asma, swara jejeg lan miring ora kena ditrapake. Sebab yen ditrapake bisa geseh karo akte kelairane. Yen manut tata basa mesthine panulisane “Mangkunegara” lan “Sambernyawa” (negoro lan nyowo iku ora ana, sing ana negaralan nyawa ). Nanging yen wilujengan si Jabang Bayi biyen diijabake “Mangkunegoro” lan “Sambernyowo” ya nyumanggakake sing kawogan. Lan pamacane utawa pangundhange ya aja nganggo swara o jejeg (senajan ta panulisane nganggo swara o jejeg). Sebab yen ngaturi nganggo swara o jejeg, dadine kaya wong ngece. Pungkasane ya tetep wae nganggo swara a jejeg.
Wujud panulising asma mono iku akeh lho ing madyaning bebrayan, tuladhane: Pak Utomo, Pak Joyo, Pak Warsito, Pak Warsono, Pak Suwarno, Pak Sukarno, Pak Suwignya, Pak Suwito, Pak Sasmito, Pak Hadi Kusumo, lsp.
Sabanjure, aku uga dadi rada bingung marang pitakon bab tembung “plana”. Yen aku mbukak bausastra Jawa-Indonesia II anggitane S. Prawiroatmojo, taun 1980, kaca 96, ing kono wis katulis “plana” (Ind. pelana). Dadi yen manut bausastra kasebut, tembung plana pancen wis dadi basa Jawa.
Gegayutan karo bab iku uga, aku mbacutake mbukak-mbukak bausastra Jawa-Indonesia kasebut. Pancen ana saweneh tembung kang nunggal wujud kaya panyuwunpirsane sedulur Soewito mau. Tuladha: plapuran (Ind. laporan), plekat (Ind. plakat/undang-undang), plopor (Ind. pelopor), pluwit (Ind. peluit), pluwang (Ind. peluang), blanak (Ind. belanak), blanja (Ind. belanja), blenggu (Ind. belenggu), blimbing (Ind. belimbing), clana (Ind. celana), clacap (Ind. celacap/bunyi-bunyian), clempung (Ind. celempung), gladhag (Ind. geladak), glagah (Ind. gelagah), gledhah (Ind. geledah), glimpang (Ind. gelimpang ), jlajah (ind. jelajah), mlathi (Ind. melati ), mlengos (Ind. melengos), slakangan (Ind. selakangan), slamet (Ind. selamat), slawat (Ind. selawat), slebor (Ind. selebor), slempang (Ind. selempang), tlapak (Ind. telapak), tliti (Ind. teliti), lsp.
Tembung-tembung sing daktulis ing dhuwur, pancen ing basusastra Jawa- Indonesia kasebut ora diwenehi katrangan asale saka basa apa, mbokmanawa wae ya pancen saka basa Indonesia kang wis dibakokake dadi basa Jawa. muga-muga urun rembugku iki entuk tanggapan saka para winasis saengga bisa njembarake wawasaning ilmu kawruhku lan sing kawogan. Nuwun.

6. Nggulawenthah Siswa Mawa Tintingan lan Tetimbangan

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.44, Taun 2001)

Nalika aku maca serataning priyayi lihur Wa Santo (KRT Widijatmo Sontodipuro) ing PS edisi 38 – tanggal 22 September 2001, aku dadi kesengsem, kepingin nerapake hamijangane para sepuh duk ing nguni. Kebeneran materi-materi sing diserat mau ana sambung rapete karo piwulangan Basa Dhaerah (Jawa) SLTP.
Ing wulangan kelas 2 cawu 1 SLTP ana Sub Tema “Ukara Sesanti/ Semboyan”. Ing kono ana materi kayadene: Mangan ora mangan yen kumpul, Alon-alon waton kelakon, Rawe-rawe rantas malang-malang putung, Becik ketitik ala ketara, Sapa jujur bakal mujur, Sing salah seleh, Sing goroh growah, Sing weweh bakal wuwuh, Sepi ing pamrih rame ing gawe, Wani ngalah luhur wekasane, Adigang adigung adiguna, Ana catur mungkur, Ana awan ana pangan, Rukun agawe santosa crah agawe bubrah, lsp.
Pancen bener ngendikane pyayi luhur mau, sok-sok slogan-slogane wong Jawa iku mung dadi guyonan. Mula kanggone guru basa Jawa kudu melu cawe-cawe lan enggal-enggal cancut taliwanda saperlu nglurusake panemu-panemu sing kurang trep mungguhe empan lan papane.
Sadurunge, aku iki ya nuwun sewu lho karo pamaos. Ing kene dudu kok aku nggurui utawa minteri, aku mung saderma urun rembug. Yen bisa pamaos mengko ya kersaa nulis, ben dhiskusine dadi rame lan pungkasane padha tambah kawruhe. Nanging aku ya nyuwun pangapura, basaku ora bisa alus kaya panjenengane Wa Sonto. Aku pancen kelairan generasi anyar, dadi bisaku ya basa Jawa Anyar.
Karepku mangkene, nalika kita mulang siswa bab ukara sesanti mau, kita kudu menehi tuladha pengalaman urip ing madyaning bebrayan sing positif lan negatif. Sing positif kudune ditrapake siswa lan sing negatif kudune dibuwang wae. Tuladha:
a.Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
Tegese: Kabeh sing ngalang-alangi sedyane, bakal disingkirake.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Nalika jaman perang ngrebut kamardhikan biyen, para pahlawan padha asesanti kaya kasebut. Karepe, sapa wae sing ngalang-alangi gegayuhane para pahlawan mau, sing arep mardhekakake negara Indonesia bakal diperangi utawa disingkirake.
Negatif: Nalika siswa arep melu ulangan banjur asesanti kaya kasebut. Sebab dheweke ora sinau. Pokoke aku kudu nyontek/ngerpek. Sing ora gelem nyontoni utawa nglapurake aku anggone ngerpek kudu disingkirake/diancam arep dilarani.

b. Becik ketitik ala ketara.
Tegese: Becik utawa ala bakal ketara dhewe ing tembe burine.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong iku yen tumindak becik marang liyan mesthi entuk piwales becik uga saka sapepadhane. Senajan piwales mau saka wong liya/dudu sakawit sing dibeciki mau, samono uga suwalike. Lan ing tembe buri sing tumindak becik entuk ganjaran swarga, dene sing ala entuk piwales neraka.
Negatif: asiswa sing mempeng sinanune kok kebeneran bijine eleklan sing nyontek/ngerpek bijine apik-apik. Kamangka bapak ibu gurune ora ngerti tumindake siswa mau. (yen guru mrangguli bab kara ngene, guru kudu bisa njlentrehake yen sejatine biji apik kasebut mung sawijine “kemenangan sesaat’. Durung mesthi yen mengkone bakal nemu kabegjan. E…mbokmanawa siswa sing kaya mangkono mau bakal angel entuk pagawean. Jalaran nalika di-tes ora bisa mangsuli babar pisan).

c. Sapa jujur bakal mujur
Tegese: Sing tumindak jujur bakal nemu kabegjan sejati.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong sing jujur saparipolahe mesthi bakal pinercaya liyan ing kana-kene. Wong-wong kang kaya mangkono banjur dipasrahi jejibahan wigati, kayata: nyekel dhuwit utawa donya brana kang banget ajine.
Negatif: Siswa sing kurang mampu pikirane bakal mbatin, “Wah, yen aku jujur terus nalika ulangan mesthi ajur bijiku. Wis aku daknyonto/ngerpek wae!”
d. Sapa sing salah seleh
Tegese: Sapa sing sengaja tumindak salah bakal konangan.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Maling nyolong sepedhah motor banjur digepuki rame-rame dening masyarakat.
Negatif: Siswa sing bola bali ngerpek nalika ulangan ora nate konangan bapak ibu gurune. Sebab gurune ora pati open lan siswane wasis anggone nyimpen kerpekan.

e. Sing goroh growah
Tegese: Sapa sing tumindak goroh bakal entuk kapitunan.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong sing bola-bali tumindak goroh, lumrahe bakal didohi ing pasrawungan lan ora bakal pinercaya liyan.
Negatif: Siswa sing pinter banget gorohe (profesional), sok-sok malah akeh kancane. Sebab, ngomong sakngomong kepenak dirungokake, nganti sing ngrungokake kepranan atine.

f. Sing weweh bakal wuwuh
Tegese: Sapa sing gelem ngamal mesthi entuk ijol kang ngluwihi ngamale.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong sing seneng dana driyah mesthi bakal entukgentine dudu saka pawongan sing diwelasi mau. Iki uga mathuk karo ajaran agama “Ora bakal entek samubarang kang diwenehake, nanging bakal ditambah makaping-kaping dening Gusti Allah.”
Negatif: Para siswa ora gelem/angel tumindak ngamal, sebab yen dhuwite diamalake bakal entek lan ora bisa njajan.

g. Sepi ing pamrih rame ing gawe
Tegese: Tumandang gawe tanpa duwe kamelikan apa-apa.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong ing padesan yen ngedegake omah utawa duwe gawe mantu/nyunat utawa ndandani dalan, lumrahe nganggo sesanti kasebut.
Negatif: Para siswa kadhang-kadhang duweni panemu, “Kok enak nyambut gawe ora dibayar, lha tenagane, wektune, imbangane apa? Rak rugi. Waktu adalah uang.”

h. Wani ngalah luhur wekasane
Tegese: Sapa sing gelem ngalah bakal nemu kamulyan ing burine.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Kaya dongeng Cinderella utawa Bawang Putih-Bawah Abang. Paraga Cinderella sasuwene urip karo mbakyu-mbakyune, dheweke tansah tumindak ngalah. Pungkasane banjur dadi “Permaisuri”. Semono uga si Bawang Putih tansah ngalah karo Bawang Abang, pungkasane Bawang Abang nemu cilaka.
Negatif: Jarene siswa, yen bocah iku terus-terusan ngalahan mesthi bakal disepelekake liyan. Mulane yen ana sing ngajak gelut, ya ayo diladeni wae.

i. Adigang adigung adiguna
Tegese: Ngendel-endelake kekuwatane, keluhurane, lan kepinterane.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong iku yen duweni kekuwatan (ilmu bela dhiri upamane) utawa keluhuran (putrane pejabat upamane) apadene kepinteran sawijine bab, mesthine ora dituduh-tuduhake marang liyan. Sebab, senajan ta ora dipamerake, suwening suwe wong liya bakal ngerti dhewe. Yen katelune sipat mau malah dipamer-pamerake, wong liya ngarani dhiri kita “sombong”.
Negatif: Jarene siswa, yen kita duwe kekuwatan ora dituduhake liyan, kita diarani licik lan ora duwe daya/tenaga. Yen kita putrane priyayi luhur, ya kudu ngatonake keluhurane wong tuwa kita lan kita kudu luwih onjo, aja nganti kalah karo kanca liyane. Luwih-luwih yen duwe kepinteran, kabeh wong kudu ngerti marang kepinteran kita.

j. Ana catur mungkur
Tegese: Ora gelem ngrungokake rerasanan sing ora becik.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong kuwi yen wis dhuwur kawruhe lan alim agamane mesthi ora gelem yen dijak rerasan sing kurang becik tumrape wong liya.sebab saliyane nglakoni dosa, tumindak kaya mangkono iku ora ana paedahe.
Negatif: Siswa padha alok, lho yen ana kegiyatan rasan-rasan ora melu ngrumpi/ora ngrungokake mesthi bakal ketinggalan lan bisa-bisa dadi KUPER (kurang pergaulan).

k. Ana awan ana pangan
Tegese: Anggering srengenge isih sumunar Gusti Allah bakal paring rezeki/panguripan marang makhluke.
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Wong kuna biyen (embah/buyut kita) uripe tansah ayem tentrem. Kabeh ora ana sing padha ngaya anggone golek donya-brana. Panjenengane padha rumangsa cukup, marang apa sing diduweni saengga isih kober ngudang putrane, kumpul kulawargane lan bisa silaturahmi marang sanak-kadange.
Negatif: Siswa kita padha rumangsa ora trima yen wong tuwane sakloron aweh pangan mung apa anane. Dheweke banjr matur, yen urip mono kudu tansah usaha ben keturutan apa sing dadi pepenginane. Adhedhasar panyuwune anak kang werna-werna mau, wong tuwa banjur mburu rupiyah tanpa eling awan lan bengi sarta lali sanak famili.

l. Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Tegese: Kerukunan, ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake kerusakan
Tuladha ing madyaning bebrayan:
Positif: Jaman biyen pemudha-pemudhi Indonesia kang beda suku bangsa, agama, lsp padha kumpul saperlu nganakake “Sumpah Pemudha”. Ing tanggal 28 Oktober taun 1928. Pemudha-pemudha Indonesia mau sadhar yen kerukunan iku marakake kuwat lan yen pecah-pecah bakal dimupangatake dening kaum penjajah.
Negatif: Para siswa padha migunakake sesanti kasebut yen arep ana ulangan. Ayo yen nggarap soal ulangan kudu sing rukun anggone “kerja sama” utawa conto-contoan. Sebab, yen rukun bijine bisa apik-apik lan yen ora rukun bijine panggah elek-elek.
Kanthi tuladha kaya ing dhuwur diajab bisaa siswa nerapake sesanti-sesanti kasebut ing sajroning urip saben dinane. Siswa wis ora bakal kleru maneh ing panemune lan negesine kanthi pikiran kang positif. Sebab anane ukara sesanti mono pancen duweni pangangkah kanggo nuwuhake semangat utawa krenteg lan pitutur marang sapa wae.
Tumrape guru basa Jawa anane materi “Ukara Sesanti/Semboyan” mujudake sawijine kalodhangan kanggo nyelipake Pendhidhikan Budi Pekeri. Sebab, tujuane Pendhidhikan Budi Pekerti iku kanggo ngrembakakake “Nilai, Sikap, lan Perilaku” siswa sing bakal nuwuhake akhlak kang mulya.
Yen manut “Pendhidhikan Budi Pekerti Untuk Pendidikan Dasar dan Menengah” (Departemen Pendidikan Nasional Direktorat Jenderal Pendidikan Dasar dan Menengah Jakarta, 2000), strategi tumapake Pendhidhikan Budi Pekerti iku diorganisasekake minangjka bagian integral saka mata pelajaran kang relevan, kayadene: Pendhidhikan Agama Islam (PAI), Pendhidhikan Pancasila dan Kewarganegaraan (PPKn) sarta Pendhidhkan Basa lan Sastra Indonesia. Senajan ta piwulangan Basa Jawa ora katut sinebutake ing kono, nanging matapelajaran Bahasa Daerah (Jawa) dakkira iya banget relevane kanggo nuwuhake budi pekerti luhure siswa kita kasebut.

5. Guru Basa Jawa Aja Nganti Kentekan Crita

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.5, tanggal 2 Pebruari 2001)

Ana saweneh kanca guru sing duweni panemu, yen piwulangan Basa Jawa iku “monoton” utawa mboseni. Iki panemune sing dudu guru Basa Jawa mesthine. Yen manut aku ya ora. Sebab nyuguhake materi marang siswa iku gumantung gurune. Yen guru mau pancen mumpuni, materi apa wae, Matematika, apa Basa Inggris, apa Basa Indonesia, apa dene PPKn, lsp mesthi nyenengake lan siswa ora bakal bosen. Suwalike, manawa guru mau kurang wasis anggone nyugata utawa nransferake kawruhe marang siswa, bocah bakal bosen lan ora nggatekake. Mula saka iku guru tinuntut kudu aktif, kreatif, inovatif, lan duweni inisiatif kanggo ngolah kawruhe mau supaya dadi suguhan kang nengsemake.
Upama aweh piwulangan purwakanthi. Purwakanthi iki klebu materi piwulangan SLTP kelas siji cawu siji. Senajan wis kliwat cawune, nanging materi iki mengko isih kena kanggo ngedril siswa kelas telu sing arep ngadhepi EBTA. Purwakanthi asale saka tembung purwa kang ateges ngarep lan kanthi ateges gandheng. Dadi purwakanthi bisa ditegesi ana gandhengane/sambungane karo sing ngarep. Apa ta gandhengane iku? Gandhengane bisa swarane, bisa aksara matine (Ind. konsonan) lan bisa uga tembunge. Yen manut bausastra Jawa karyane S. Prawiro Atmodjo, purwakanthi yaiku tetembungan kang padha swarane utawa aksarane.
Puwakanthi iku kaperang dadi telu, yaiku purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, lan purwakanthi guru basa/lumaksita/wewiletan. Tuladha purwakanthi guru swara: becik ketitik ala ketara, sing jujur bakal makmur, plonga-plongo kaya kebo, lsp. Tuladha purwakanthi guru sastra: sluman slumun slamet, tata titi tatas titis, sing goroh growah, lsp. Tuladha purwakanthi guru basa: kolik priya, priyagung Anjani Putra; tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka; timun munte telo lodheh, lsp.
Supaya siswa melu aktif marang lakune guru ing kelas, bandhingake purwakanthi karo istilah Indonesia. Purwakanthi padha karo “sajak/persamaan bunyi”. Yen purwakanthi cacahe mung ana telung warna, ing Indonesia ana nem warna (iki yen adhedhasar unine), yen adhedhasar panggonane seje maneh. Dadi purwakanthi ing basa Indonesia kepara luwih akeh. nem warna iku apa wae? 1. Sajak penuh, tuladhane: hati-mati, lantai-santai, lsp. 2. Sajak paruh, tuladhane: padi-peti, pisang-bintang, lsp. 3 Sajak mutlak, tuladhane: jua-jua, hijau-hijau, lsp. 4. Sajak aliterasi (sajak awal), tuladhane: lalu-lalang, warna-warta, lsp. 5. Sajak asonansi, tuladhane: tumbang-sumbang, datang-sayang, lsp. Sajak desonansi, tuladhane: tindak-tanduk, kocar-kacir, lsp.
Saliyane disambungake karo basa Indonesia, purwakanthi bisa uga digandhengake karo guritan. Tuladha:

Lagu Dolanan
Tu watu bunder dienciki mingar-minger
Ana maling mbedhah pager
Kecepit sikile minger
Asabetha-bethu-bether, asabetha-bethu-bether
-dhek jaman simbah durung lair
gambir-suruh mipir nyuwir
dhek jamane bapak tetak
wetenge sapa sing nate kebak?
+jaman kuwi mlayu, kanca
sapa ngira langite saya padhang
murah sandhang, murah pangan
ra keprungu truna sambat ra kuwat
bocah sekolah ngentekna ragat
Tu watu bunder dienciki mingar-minger
Laler gedhe jenenge kintel
Yen kwaregen thingel-thingel
Asabetha-bethu-bether, asabetha-bethu-bether
……………………………………………………………………………..
dening : Keliek Eswe
PS no.4, Januari 1994
Ing dhuwur iku tuladha guritan (Lagu Dolanan) sing migunakake purwakanthi guru swara lan purwakanthi guru sastra. Purwakanthi guru swarane bisa dideleng saka tembung kang mawa swara: er-er, ir-ir, ak-ak, ang-ang, at-at, lan el-el. Dene purwakanthi guru sastrane katon ing tembung kang mawa aksara mati: b - th.
Ing ngisor iki tuladha lagu dolanan sing migunakake purwakanthi guru basa. Lagu/ tembang dolanan lisan lawas iki biyen nate dienggo dolanane mbakyu-mbakyu/kakang-kakang kita nalikane rembulan ndadari. Kaya mangkene cakepane:
GOTRI
Gotri ala gotri nagasari
Riwul awal-awul jenang kadul
Dulan awan-awan ndelok mantin
Titenana mbesuk gedhe dadi opo
Podhang bako enak bako sedhang
Dhangklek eklak-eklek dadi welek

JAM SIJI
Jam siji kliwat limo, montor
Montore mlayu ngidul, Dullah
Dullahe tunggu sawah, wahlang
Wahlange miber-miber, beras
Berase dipususi, Siti
Sitine budhal kerjo, jombrot karete diodhot-odhot

Purwakanthi guru basane cetha banget ing tuladha tembang dolanan lisan lawas kasebut. Wanda pungkasan ri dienggo ing tembung riwul, wanda pungkasan dul diambali maneh ing tembung dulan, lsp.
Kajaba guritan wujud tembang dolanan, guritan gagrak anyar uga akeh sing isih metungake purwakanthi. Tuladha:

FINISH
nalika adzan ngumandhang ing kuburan
nalika kain kafan mbuntel badan
lan
nalika lemah abang nutup lawang
sakabehing tetandhingan wus mungkur
kita kari ngenteni
menang apa kalah?
Dening: Kayati
PS no.7 Pebruari 1996

Bisa uga purwakanthi sinambungake karo lelagon kreasi anyar kang wiwit didhemeni kawula mudha utawa siswa-siswa. Tuladha lelagon sing migunakake purwakanthi guru swara:

KUNCUNG
(karyane Didi Kempot)
cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu ning kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …, pabrike rung dibangun
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
bis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
bis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder ser-ser
aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder ser-ser
bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki cerita jaman semana
da ta sa wa la
iki cerita saka wong tuwa

Kanthi tuladha sing maneka warna mau siswa bisaa nggolek tuladha liya ing buku-buku padene kalawarti utawa ngrungokake kaset, yen wis bisa nemokake diajab bisaa uga siswa nyiptakake dhewe. Mesthine ciptakane mau ora padha babar pisan karo sing wis diterangake guru utawa sing ana ing buku. Upamane mangkene, tuladha purwakanthi guru swara: Siti ing kali wingi bengi, Sing mecucu duwe untu telu klambi ungu, Sing ngawur digusur Pak Sur menyang sumur, lsp. Tuladha purwakanthi guru sastra: Kang-kang kok kowe kandha kaya kuwi, Manuke mabur mangetan macane mlayu mangulon, Simbah saiki sarapan sambel sesuk sore saos sasi sawal sate, lsp. Tuladha purwakanthi guru basa: Aku kuna nanging nginguku kucing Landa, Klambi abang-abang mateng-tengah wengi ngipi ngawang, Nggawa kates-kates gantung- tunggak jati-jatidhiri, lsp. yen wis bisa nyiptakake dhewe ayeges siswa mau wis ngerti lan paham karo katrangane gurune. Siswa bisa dadi mudheng tegese slogan-slogan lawas, geneya kok wong bodho mesthi kaya kebo kok dudu kaya sapi utawa jaran. Kamangka kebo, sapi, jaran padha bodhone. Oh … iku nganggo purwakanthi guru swara (sing padha swara o-o). geneya wong pinter kok mesthi dadi dhokter, dudu dadi insinyur, menteri, presiden, lsp. samono uga tumpakane kok helikopter, senajan ta akeh jinis pesawat liyane. Oh … iku madhakake swarane (sing padha swara er-er-er).
Muga-muga sing daktulis iki bisa nambah semangate para kanca Guru Basa Jawa anggone lelumban ing madyaning pendhidhikan. Muga-muga uga bisa ndadekake Basa Jawa minangka suguhan kang nenarik anak-anak dhidhik kita. Aja nganti siswa ora nggatekake materi kita sing mung nyandhang predhikat MULOK. Aja nganti Guru-guru Basa Jawa kekurangan bahan utawa crita. Kanthi mangkono siswa tetep rumangsa handarbeni marang Basa Jawa lan kita duweni generasi sing bisa marisi sarta nerusake basa lan budaya kang adiluhung iki. Sing luwih wigati maneh, muga-muga ramalane Pak Esmiet ing PPIA taun 1989, “Lonceng Kematian Sastra Jawa taun 2009” ora bakal dumadi lan “Wong Jawa taun 2025 isih bisa Basa Jawa.” Iki dongaku lan pangarep-arepku sesambungan karo pitakone DR Pranowo, M.Pd. (Caraka, No.01/4/98) kang tinulis Sanggar Sastra Triwida Tulungagung ing PS No.4 – 27 Januari 2001. Nuwun.

4. Melu Cawe-cawe Bab “Rembug Ejaan Basa Jawa”

(termuat di Majalah Panyebar Semangat, No.1, tanggal 6 Januari 2001)

Sadurunge aku nyuwun ngapura, kok ya kumawani aku melu cawe-cawe. Dakpikir mumpung ana kalodhangan lan sing kapacak ing PS no. 51 iki ana sambung-rapete karo karirku minangka guru.
Nalika maca serataning Bapak Suparto Brata, aku dadi kelingan anggone mulang murid-muridku ing SLTP. Tembung-tembung aswara jejeg lan miring iku materi piwulangan kelas loro cawu loro. Tembung kang migunakake a jejeg, upamane: ula sawa, bapa, jawa, lsp. sing migunakake a miring, upamane: sawah, bapak, jawah, lsp. tembung sing nganggo swara i jejeg: kali, ali-ali, ASI, lsp. Dene sing nganggo i miring: kalih, balik, asih, lsp. Tembung sing mawa u jejeg kaya ta: waru, payu, lampu, lsp lan sing ngemu u miring: warung, payung, Lampung, lsp. tuladha tembung mawa swara o jejeg: toko, kaco, coro, lsp dene kang aswara o miring: tokoh, kacong, corong, lsp. tembung kang ngemu swara e (taling) aswara jejeg: tempe, sate, upamane, lsp lan sing nganggo swara e miring: tempeh, saten, apamaneh, lsp. tumraping tembung-tembung mawa e (pepet) ora ana swara jejeg lan miringe.
Anggonku nerangake marang siswa, kabeh swara jejeg lumrahe tembung-tembunge aswara menga utawa tanpa sigeg, dene sing miring umume nganggo sigeg. Nanging ya ana uga sing nyebal saka tatanan, kaya: bebek (Ind.bibi) lan bebek (Ind. binatang).
Gegayutan karo swara jejeg lan miring iki, aku sarujuk banget marang gagasaning Bapak Suparto Brata, tembung: ora, nyonya, sepedha, Medina, Eropa, lsp kabeh mau ditambahi h, saengga dadi: orah, nyonyah, sepedhah, Medinah, Eropah. Iki bisa kanggo nggampangake kanca guru anggone aweh piwulangan.
Nanging sok-sok ya isih sarepotan tumraping guru. Sebab lingkungan isih durung nyengkuyung trape tata basa mau. Ing bebrayan isih kita prangguli tulisan-tulisan kaya ta: Arek-arek Suroboyo, Kebun Binatang Suroboyo, Terminal Joyoboyo, lsp. Ing kaset-kaset VCD sing mligi Tembang Jawa Anyar, irah-irahan lan cakepane uga katulis mangkono, upamane: yo konco, koyo wong kelangan, ojo ngono, ojo gelo, opo kuwi, lsp. akibate siswa yen latihan dhikte, nulis tembok dadi tembak, kebo dadi keba, loro dadi lara, rondha dadi randha, bolong dadi balang, lowong dadi lawang, lsp.
Swara jejeg lan miring a utawa o ora kena ditrapake ing jenenge wong. Nuwun sewu upamane Pak Suparto Brata ora kena katulis Suparta Brata, senajan ta anggone ngucap o – ne winaca a jejeg dudu o jejeg. Iki rak manut prajanjen nalika wilujengan si Jabang Bayi . yen nganti asma Suparto Brata winaca nganggo o jejeg, dadine kaya wong ngece. Samono uga jeneng Nunung ya ora kena diundang Nonong utawa Nanang. Awit anggone ngucapake dhewe-dhewe.
Banjur, tembung-tembung sing ngemu “bunyi pelancar”, anggonku nerangake marang siswa yaiku kanthi cara mbedakake antaraning tembung lingga lan tembung andhahan. Tumraping tembung-tembung kang wujud lingga “bunyi pelancar” kudu katulis, kaya ta: priya, beya, tiyang, tuwa, guwa, kulawarga, ruwang, kuwat, lsp. Dene sing awujud tembung andhahan ora kena katulis ngono, upama: jejodhoan ora tinulis jejodhowan, pagawean ora tinulis pagaweyan, tukua ora tinulis tukuwa, balia ora tinulis baliya, lsp. geneya mangkono? Sebab tembung jejodhoan asale saka lingga jodho, didwipurwakake, banjur entuk panambang an dudu wan. Tembung pagawean asale saka lingga gawe, entuk ater-ater pa lan panambang an dudu yan., tembung tukua asale saka lingga tuku, entuk panambang a dudu wa., lan tembung balia asale saka bali + a. Perlu pamaos uningani yen panambang wan, yan, wa, lan ya iku ora ana ing basa Jawa., sing ana yaiku an lan a.
Gegayutan karo “bunyi pelancar” kasebut pancen beda karo ing Basa Indonesia. Yen basa Indonesia “bunyi pelancar” ora kena katulis, mung ing pangucapan wae, kaya ta: pria, bea, tiang, tua, gua, keluarga, ruang, kuat, lsp.
Bab huruf d (Indonesia), anggonku aweh piwulangan mung mangkene: kabeh tembung kang mawa d (Indonesia) lumrahe tinulis nganggo dh ing basa Jawa (iki ora kalebu ater-ater di), tuladha: dokter (Ind) tinulis dhokter (Jw), dalang dadi dhalang, dada dadi dhadha, lsp.
Tembung-tembung kang mawa ater-ater anuswara n lan m, kudune mujudake tembung kriya. Awit ater-ater anuswara iku gunane kanggo ndhapuk tembung kriya. Yen ater-ater kasebut ora ndadekake tembung kriya tumraping tembung andhahan mau, ya mesthine ora tinulis wae, kaya ta: dhuwur ora katulis ndhuwur. Jenenge kuta, kaya: mBali, mBandung, mBogor, mBabat, mBesuki, lsp kudune ora katulis mangkono. Nanging pamacane wae pancen kudu mangkono. Iku rak mung ngetrepake rasaning basane amrih luwese.
Kanggone tembung mbak lan mbok apadene mbokmanawa, wuwuhan m ing ngareping tembung pancen ya perlu, nanging m ora minangka ater-ater anuswara. Sebab mbak saka tembung si +embak, mbok asale saka si +embok lan mbokmanawa asale saka tembung ambok + manawa. Saliyane kanggo ngetrepake rasaning basane, wuwuhan m ing tembung kasebut kanggo mbedakake antarane mbak (Ind. kakak) lan bak (Ind. tempat cucian), mbok (Ind. orang tua) lan bok (Ind. tempat tidur bayi).
Tembung lingga pungkasan wanda menga sing entuk panambang ake, sigeg k pancen dibutuhake, kaya ta: bali – dibalekake, lunga – dilungakake, bodho – dibodhokake, tuku – ditukokake, sate – disatekake, lsp. Sebab bab iki ana sambung rapete karo caraning maca, sing asale diwaca nganggo swara jejeg (tembung linggane) banjur diwaca nganggo swara miring (tembung andhahane).
Tumraping tembung kang ngemu “Huruf Diftong” utawa vokal rangkep ing Basa Indonesia, Basa Jawa ora duwe. Dadi yen nulis ai dadi e (taling) lan au dadi o. tuladha: pegawai (Ind) dadi pegawe (Jw), balai dadi bale, partai dadi parte, bangkai dadi bangke, kerbau dadi kebo, bangau dadi bango, lsp.
Kaya ngendikane Bapak Suparto Brata, yen putrane kliru kabeh anggone ngetrepake EYD-ne, senajan ta wis dadi sarjana, dakkira ya ora Bapak Supato Brata piyambak sing nyarirani mangkono. Anakku dhewe ya ngono, uga murid-muridku. Wis tulisane uwelek banjur tata basane ora karu-karuan. Sok-sok ya isih keprungu basa “Kesinia takbikina kue!” utawa “Makanen kuene enak kok!” Iki basa apa ta ya? Luwih-luwih nggunakake basa Jawa, kadhang-kadhang “Bapak dhahar kula siram” utawa “Kula dhahar rumiyin, Ibu mangke mawon nedhane!”
Perlu kawuningana yen guru-guru Basa Jawa mono lumrahe mung cakupan, bebasan timun wungkuk jaga imbuh. Dadi yen kekurangan jam utawa durung 24 jam (sarana keluwihan guru tumraping vak tartamtu0, banjur kajibah mulang Basa Jawa. kamangka guru-guru mau durung duwe SIM Guru Basa Jawa. sing dadi bakune, angger “Wong Kulonan” (saka Madiun, Magetan, Kediri, lsp) mesthi dicekeli mulang Basa Jawa lan dianggep bisa Basa Jawa. sejatine ya durung mesthi mangkono. Coba panjenengan pirsani, apa wong Indonesia mesthi bisa mulang Basa Indonesia? Dakkira ya ora, wong materi basa iku akeh, ana wacana, kawruh basa, tata basa utawa paramasastra, nulis (aksara Jawa lan ngarang), unggah-ungguh basa, lan kasusastran. Mula ya isih kudu sinau, ya maguru, ya kudu entuk penataran, ya melu MGMP kanggo nambahi wawasan kawruhe mau. Nanging, sarehne kanggone guru-guru basa Jawa iku yen mung ana perlune wae, tarkadhang bubar sinau lan melu MGMP, taun ngarepe wis ora kajibah mulang Basa Jawa maneh. Iki kabukti ing dhaerahku, sing dadi anggota MGMP Basa Jawa, paragane gonta-ganti. Mula yen murid-murid ora bisa, ya ora kena nyalahake sapa-sapa, apa iku gurune, apa muride, apa lingkungane, apa kurikulume, lsp. Saiki prayogane kepriye bisane rancag lumakune lan amrih becike.
Gegayutan karo iku kabeh, aku sarujuk banget marang usulan-usulaning Pak Poer Adhi Prawoto, S.Pd (Solo) marang pamarentah ing KBJ III mengko (kaya ing PS no. 49). Muga-muga 6 poin usulan kasebut bisa ditampa dening pamarentah, saengga nasibe Basa Jawa mundhak apik. Bisaku ya mung ndonga lan ngarep-arep sarta ngrungokake saka njaba, sebab kadhare mung guru rasane ora kuwawa yen arepe melu KBJ III kang samono akehe waragade. Nuwun.

3. Tetepungan Karo Tembang Macapat

(termuat di Majalah Jaya Baya, No.14 dan 15, tanggal 2 dan 9 Desember 2001)

Bab kasusastran Jawa iku pancen mujudake salah sijining tema materi piwulangan basa Jawa ing SLTP. Tema kasusastran iki isih diperang-perang maneh dadi sub tema-sub tema, ing antarane yaiku parikan, tembang Macapat, guritan, dongeng (gancaran lawas), crita cekak, lsp.
Ana unen-unen basa Indonesia “Tak Kenal Maka Tak Sayang”. Semono uga basa Jawa, yen ora tepung mesthi wae ora gelem nyemplung. Apa ta sing kudu ditepungake ing kene? Tembang Macapat sing dakkarepake. Yen aku aweh piwulangan marang siswa, tembang Jawa iku dakperang dadi petang golongan yaiku Tembang Dolanan, Tembang Macapat, Tembang Tengahan, lan Tembang Gedhe.
Tembang Dolanan lumrahe diwulangake marang bocah-bocah TK lan SD (kelas I lan 2), kayata: Jaranan, Menthog-menthog, Cublak-cublak Suweng, lsp. Tembang Macapat diwulangake marang siswa SLTP. Ing kene nganggo pathokan 11 warna cacahe. Ora dicritakake anane prabedan antaraning para ahli siji lan sijine, kang duweni panemu 9 warna lan 11 warna. Tembang Tengahan lan Tembang Gedhe ora dijlentrehake mligi ing piwulangan SLTP, mung sinebutake jeneng-jeneng wae. Banjur jeneng-jenenge Tembang Tengahan lan Tembang Gedhe mau sok-sok dienggo “Pengecoh” ing soal-soal ulangan basa Jawa kang awujud “Pilihan Ganda”.
Geneya ditepungake karo Tembang Macapat? Jalaran bocah-bocah wis ora kesengsem babar pisan marang tembang kasebut. Yen kita minangka guru banjur “Putus Asa” malah cures saperangane kasusastran Jawa kita. Nah … ing kene kita wiwit “Main Peran”. Upamane menehi tuladha/nembangake salah sijining Tembang Dolanan banjur nembang Pucung (Tembang Macapat sing paling prasaja). Yen anak-nak dhidhik kita isih durung nggatekake, coba tembangna salah siji Tembang Kreasi Anyar “Teh Poci”, apa “Prau Layar” apa liyane.
Nalika siswa wiwit ketaman atine, kita banjur nepungake Tembang Macapat kang cacahe ana 11 warna mau. Njlentrehake uga kang dadi paugeraning Tembang Macapat kasebut. Paugeraning Tembang Macapat iku ana telung warna, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahe gatra saben sapada. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra. Guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing saben pungkasan gatra. Supaya gamblang tanggapane siswa bab paugeran/wewaton Tembang Macapat iki, becike binantu nganggo basa Indonesia. Guru gatra: banyaknya baris setiap bait. Guru wilangan: banyaknya suku kata setiap baris. Guru lagu: jatuhnya vokal setiap akhir baris. Tuladha Tembang Pucung (Paugerane 4 gatra = 12u, 6a, 8i, 12a).
Pucung
Bapak Pucung dudu watu dudu gunung,
Sangkane ing Sabrang,
Ngon-ingone Sang Bupati,
Yen lumampah si Pucung lembehan grana.

Gegayutan karo paugeraning Tembang Macapat kasebut terkadhang siswa iku durung ngerti. Jalaran pemikiraning siswa mung isih tekan tataran apalan wae, durung nganti mangerteni karepe. Kanggo meruhi pangertening siswa, siswa becike tinuntut gawe Tembang Pucung sapada sing isine upamane jenenge kanca-kancane ing kelas. Siswa putri gawe tembang isine jeneng kanca lanang lan siswa putra Tembang Pucunge isi jeneng kanca wadone. Upamane:
Pucung
Tono Yitno Ardiansyah Gatot bagus,
Guntur Riyan Iwan,
Yanto Tarno Supriyadi,
Basuki Kartono Andik Sunar Yana

Sasti Wati Astutik Sri Mamik Luluk,
Narti Darti Susan,
Erawati Dwi Lestari,
Nunuk Puji Saraswati Veni Retna

Yen para siswa wis bisa nyiptakake Tembang Pucung kanthi trep lan laras karo paugerane, ateges siswa mau wis ngerti bab wewatoning Tembang Macapat. Banjur wenehana tuladha maneh Tembang Pucung sing isine cangkriman. Geneya kok isi cangkriman? Sebab Tembang Pucung iku pancen lumrah isi cangkriman.
Kaya kang wis daktulis ing dhuwur mau, iku rak Tembang Pucung wujud cangkriman, dene batangane yaiku gajah. Tuladha liyane maneh:
Bapak Pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dawa kaya ula,
Pencokane wesi miring,
Prapteng wisma si Pucung ngumbar suwara.
(batangane sepur)

Tembang-tembang Pucung sing wujud cangkriman sing kaya sing daktulis iku wis umum banget. Saking umume nganti bocah-bocah weruh sadurunge tinulis lan tinerangake. Mulane, dadi ora narik maneh tumraping siswa. Ing ngisor iki tuladha Tembang Pucung wujud cangkriman anggitane Bapak Sudira, widya swara nalika Penataran Basa Jawa ing SMUN 3 Jombang tanggal 17-21 September taun 1998. panjenengane uga ngasta guru ing SLTPN 6 Surabaya.
Pucung
Bapak Pucung bojo slawe ora bingung,
Malah enak-enak,
Didis mangan pinggir kali,
Bubar mangan Pucung slulup sesamberan.
(batangane: bebek lanang)

Bapak Pucung angger butuh ngambung-ambung,
Yen juragan mangan,
Ngglibet sinambi ngriwuki,
Yen wis oleh Pucung nggereng karo mangan.
(batangane: kucing)

Bapak Pucung yen kesinggung adhuh biyung,
Bisa ngejur omah,
Nadyan mobil ra preduli,
Pucung mendha lamun ta siniram tirta.
(batangane: geni)

Bapak Pucung dudu terob dudu panggung,
Pidhato lan nembang,
Kala-kala ngiwi-iwi,
Tawa barang ludruk wayang uga ana.
(batangane: televisi)

Kanthi tuladha kaya ing dhuwur diajab bisaa siswa kreatif gawe Tembang Pucung liya sing beda karo tuladhane guru kasebut. Nah, kaya mangkono iku wis nate dakuji-cobakake marang siswaku. Wah asile nges banget. pranyata siswa “besemangat” lan dadine tembange maneka warna sarta lucu-lucu.
Caraning yasa Tembang Pucung wujud cangkriman yaiku ing wiwitane kudu nemtokake dhisik batangane. Upama batangange kalung emas. Kalung iku rak cumanthel ing gulu. Yen bahane saka emas, mesthi larang regane. Lumrahe sing nganggo para wanita. Nalika den anggo nambah ayuning wanita kasebut. Wujud tembange kaya mangkene:
Pucung
Bapak Pucung manggonmu nyanthol ing gulu,
Rega tansah larang,
Karemane para putri,
Yen den anggo nambah sulistya wanita.

Sabanjure, yen siswa bener-bener paham bab Tembang Pucung lan paugerane, diterusake maneh menyang Tembang Macapat liyane. Ing kene yen arepe ngripta tembange kudu dilarasake karo watakling tembang. Tuladha yasa Tembang Maskumambang (4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a).
Maskumambang
Dhuh-dhuh adhuh Gusti Allah pundhen mami,
Lunturna aksama,
Mring kadangku basa Jawa,
Yeku Poer Adhi Prawata.

Sampun aweh pasiksa maring Poer Adhi,
Pambelaning basa,
Sastra lan budaya Jawi,
Tan pamrih rila legawa.

Tuladha Tembang Gambuh (5 gatra + 7u, 10u, 12i, 8u, 8o)
Gambuh
Gusti Allah Kang Luhur,
Paringana gantos pyayi agung,
Gantosing pujangga empu basa Jawi,
Kang ngabekti kathah sampun,
Suripan Sadi Hutomo.

‘Nggal wonten gantosipun,
anak-putu saking pyayi agung,
supadosa basa Jawi boten mati,
mugi wonten ingkang purun,
labuh basa lair batos.

Adhedhasar tuladha kang maneka warna lan panjurung saka guru sarta binarengi methode kang bisa mranani atining siswa, Insya Allah anak-anak dhidhik kita gelem nyemplung kanggo nyinau Tembang Macapat. Yen wis gelem nyemplung ing tembene mesthi ora bakal keduwung samangsa ketemu karo Tembang Macapat. Eh …mbok manawa Tembang Macapat kita disinau dening bangsa manca, kaya saperangan kabudayan Jawa liyane. Kita minangka guru basa Jawa aja kebak ing pangarep-arep, anaa siji utawa loro siswa wae ing saben kelas sing seneng kanthi tumemen utawa kapiadreng marang materi kita, kita kudu matur nuwun lan nedha nrima. Kanthi mangkono basa lan kasusastran kita ora bakal cures.
Kaya ngendikane ibu-ibu PKK kang bijak, anak-anak kita dudu ora seneng sayur, nanging ora ditepungake karo sayur. Mulane, ya ora mokal yen ilate durung kulina. Dadine ya ora ngerti apa iku sayur gambas, klentang, semanggi, genjer, katu, lsp. samono uga panganan kaya dene ganyong, uwi, gembili, suweg, mbote, lsp. weruhe mung dunkin donat, kentucy fried chiken, humberger, chiki, pizza, lsp. Pancen ya ora wanuh, mulane ya ora weruh saengga ora entuk kawruh, sabanjure tetep ora wawuh.

2. Bahasa Jawa


(termuat di Taboit Info, Vol 03, No. 01, Januari 2004)

Sebagai seorang guru muatan lokal, betapa bangganya saat menyaksikan sebuah tayangan suatu televisi, yang menyiarkan berita dengan menggunakan pengantar bahasa Jawa. Betapa tidak? Bahasa Jawa adalah salah satu mata pelajaran muatan lokal SMP Jawa Timur (Mulok Jatim) yang merupakan bidang saya. Setiap hari saya bergaul akrab dengan mata pelajaran tersebut. Dengan hati-hati dan sungguh-sungguh setiap materi saya suguhkan agar menjadi sajian menarik untuk siswa.
Ternyata, pekerjaan rutin itu sekarang hanya sebagai lelucon atau bahan gurauan para siswa SMP dan mungkin siswa lain pada jenjang pendidikan yang sama. Hal ini terbukti, beraneka ragamnya kalimat yang disusun siswa. Secara kebetulan saya menjelaskan struktur kalimat berketerangan saat itu. Terdengar kalimat-kalimat terlontar dari mulut beberapa siswa. Katanya, “Kyai Mustofa matek wingi sore.” (Ind. Kyai Mustofa meninggal kemarin sore). “Saiki Pak Guru nyantap raine Adi.” (Ind. Sekarang Pak Guru memukul wajah Adi). “Maeng esuk babune Minah digibeng Pak Tovan nganti benjut kabeh.” (Ind. Tadi pagi pembantu Minah dipukul Pak Tovan sampai memar semua), dsb. sambil tertawa sebagian siswa tersebut mengutarakannya.
Saya terkejut mendengar ungkapan beberapa kalimat siswa dengan menggunakan kata-kata yang tidak seharusnya mereka ungkapkan itu. Kata-kata yang saya maksud, misalnya: “matek” (Ind. meninggal dunia), “nyantap” (Ind. memukul), “raine” (Ind. wajahnya), “babune” (Ind. pembantu rumah tangga), “digibeng” (Ind. dipukul). Selanjutnya saya menjelaskan pada siswa bahwa kata-kata semacam itu “kasar”, tidak sesuai “unggah-ungguh” bahasa Jawa dan tak layak digunakan, baik dalam pergaulan (bentuk lisan) maupun dalam penulisan. Apa jawab para siswa? Merekapun tak mau menerima penjelasan itu, malah beberapa siswa berceloteh dan “saur manuk” menyebutkan “Pojok Kampung … Pojok Kampung”. Sebenarnya bukan hanya kali ini siswa menyangkal. Kemarin di kelas sebelah. Sekarang di kelas ini. mungkin besok di kelas yang lain lagi.
Berbicara “Pojok Kampung” yang merupakan salah satu program rutin tayangan suatu televisi (JTV), memang membuat saya semakin bingung. Di satu sisi saya bangga karena materi (bahasa Jawa) diangkat sebagai bahasa pengantar suatu berita televisi. Di sisi lain saya terus berselisih paham dengan para siswa. Masalahnya, materi yang saya sajikan kepada siswa selalu berdasarkan “unggah-ungguh” (tataran bahasa). Jadi, kalau istilah “matek” (Ind. mati) diterapkan untuk panggilan seorang Kyai umpamanya, rasanya kok kurang tepat. Jangankan “matek” menggunakan istilah “mati” saja masih belum cukup untuk seorang Kyai, yang sehari-harinya amat kita hormati dan kita junjung tinggi. Untuk beliau itu seharusnya menggunakan istilah “seda/kondur ing alam kelanggengan/ kapundhut Gusti Kang Murbeng Dumadi”.
Selanjutnya, kita berbicara soal bahasa. Sebenarnya, hampir sama antara bahasa Jawa dan bahasa Indonesia. Hanya istilahnya saja yang berbeda. Kalau bahasa Jawa menggunakan tataran/tingkatan bahasa, yang terkenal dengan istilah “unggah-ungguh”, bahasa Indonesia menggunakan istilah “memperhalus kata”. Misalnya, bahasa Indonesia mempunyai kata “mati”. Kata “mati” identik artinya dengan meninggal dunia, wafat, gugur, tewas atau pulang ke Rahmatullah, menghadap Illahi Robbi, dipanggil Yang Maha Kuasa, mengakhiri hidupnya, dsb. walaupun sama artinya, kata tersebut berbeda dalam penggunaannya. Untuk hewan kita gunakan kata “mati”, untuk manusia kita gunakan kata “meninggal dunia”. Untuk manusia khusus (dalam arti untuk lebih menghormati), kita gunakan “wafat/pulang ke Rahmatullah/menghadap Illahi Robbi/dipanggil Yang Maha Kuasa”. Untuk para pahlawan, kita gunakan kata “gugu”. Untuk kecelakaan di jalan, kita gunakan kata “tewas”. Untuk yang bunuh diri, kita gunakan kata “mengakhiri hidupnya”, dsb.
Coba kita amati bahasa yang ada di “Pojok Kampung”. Sebagian kata-katanya boleh dibilang kasar (dalam arti kurang tepat dalam penggunaannya). Beberapa kalimat yang pernah saya catat dari siaran “Pojok Kampung” di siang atau malam hari, diantaranya: “Jarene Gubernur Imam Utomo …., Brigda Eko Sutikno matek. Wong wedok mau tibane dadi lonte. Perwira tentara nggibengi babune. Ndase arek iku boncel. Lanangan mau padha golek wedokan. Toni lan Nardi saiki minggat.”
Sekarang apa yang harus kita perbuat? Haruskah kita tetap duduk manis di tempat tanpa mau berbuat sesuatu? Padahal kita tahu bahwa tayangan “Pojok Kampung” itu terdengar masyarakat luas (dalam arti terdengar baik oleh yang tua maupun yang muda, baik anak-anak sampai dengan yang dewasa) dan itu menyebar sampai ke seluruh pelosok Nusantara. Bagi dunia bidang lain mungkin tidak begitu terasa dampak negatifnya, tetapi tidak bagi dunia pendidikan, yang didalamnya tersirat tujuan mulia mendidik anak bangsa agar menjadi manusia berbudi pekerti luhur dan berakhlak mulia.
Perlu pembaca ketahui bahwa bentuk konkrit budi pekerti luhur dan akhlak mulia seseorang itu bukan hanya terlihat dari sikap dan perbuatannya saja, melainkan juga tutur bahasanya. Oleh karena itulah pemilihan kata-kata yang benar dan tepat pula penggunaannya akan berpengaruh positif pada pembentukan budi pekerti/akhlak mulia siswa. Itu semua merupakan salah satu tugas dan kewajiban setiap guru dan orang tua dalam rangka membantu siswa menuju kedewasaannya.
Sehubungan dengan hal tersebut, dalam hati kecil saya bertanya, tidak bisakah “Pojok Kampung” memperhalus setiap kata-kata dalam siarannya? Misalnya saja, tidak menyebutkan kata “lonte” untuk istilah “WTS”, tetapi menggantinya dengan “wanita nakal”. Tidak menyebutkan “lanangan” untuk istilah “lelaki gelap”, tetapi menggantinya dengan “pria nakal/pasangan kharam”.tidak menyebutkan “matek” untuk, manusia yang meninggal, tetapi menggunakan istilah “mati” atau yang lain, yang lebih baik/.halus. Tidak menggunaskan “minggat” untuk yang pergi tanpa pamit, tetapi menggunakan istilah “lunga gak pamitan”. Tidak menggunakan “babu” untuk istilah pembantu rumah tangga”, tetapi menggunakan kata “rewang”, dsb. Saya rasa itu semua bisa dilakukan, walaupun bentuk bahasa “Pojok Kampung” termasuk dalam kategori bahasa dialek Surabaya.
Sebenarnya, saya sering membaca dialek Surabaya ini pada majalah berbahasa Jawa “Panyebar Semangat”. Dialek Surabaya tersebut selalu ditampilkan pada setiap edisi penerbitan dengan judul rubrik “Rujak Cingur” (Obrolane Cak Ari). Yang perlu saya informasikan di sini bahwa bahasa yang digunakan dalam dialek tersebut terasa halus dan tidak pernah ditemukan kata-kata kasar seperti pada “Pojok Kampung”. Kata-kata yang ada di “Rujak Cingur” tersebut, misalnya: pena (Ind. kamu), barek (Ind. dengan), sampeyan (Ind. kamu untuk menghormat), cumak (Ind. hanya), kate (Ind. akan), saniki (Ind. sekarang), engkuk (Ind. nanti), dsb.
Kalau untuk bahasa “walikan” yang merupakan dialek kota Malang, saya setuju-setuju saja diangkat di layar kaca JTV pada setiap siaran “Pojok Kampung Awan”. Itu kan salah satu bentuk perwujudan kebebasan dalam rangkaian Otoda dan tidak berdampak negatif bagi dunia pendidikan kita. Misalnya: menyebut “rumah” dengan istilah “hamur”, menyebut “malang” dengan istilah “ngalam”, menyebut “dicekel” dengan istilah “dilekec”, menyebut “sepeda motor” dengan istilah “adepes rotom”, menyebut “arek-arek” dengan istilah “kera-kera”, dsb.
Lalu siapakah yang berhak menyensor kata-kata yang kurang sepatutnya digunakan dalam siaran berita “Pojok Kampung” itu? masih diperlukankah badan sensor di era reformasi ini? padahal kita tahu bahwa semua pihak menghendaki suatu bentuk kebebasan seluas-luasnya. Jangan-jangan kita malah termasuk yang melanggar HAM! Masih ingatkah kita akan polemik “Goyang Inul” dulu? Akhirnya kan jalan terus bukan? Malah dilanjutkan dengan “Goyang Kayang” dan “Goyang Patah-patah” serta “Goyang Ngecor”. Terakhir menyusul pula sebuah lagu “Cucak Rowo” karya Didik Kempot, yang selanjutnya sempat ramai ditembangkan anak-anak kecil di bawah umur, tanpa tahu akan makna porno yang terkandung didalamnya. Akankah salah satu dialek bahasa Jawa ini, yang merupakan aset budaya nasional bangsa mengalami nasib tragis yang sama? Wallahua’lam!

1. Kedudukan Bahasa Jawa di Era Globalisasi

(oleh Karti Tuhu Utami)
(termuat di Taboit Info, edisi 06 Th. 2002)

Beberapa bulan yang lalu kepalaSLTP saya menginstruksikan bahwa tiap hari Jum’at diharapkan berkomunikasi dengan bahasa Inggris. Lalu teman duduk yang sejurusan dengan saya berkata-kata sendiri, “Kalau bahasa Inggris digalakkan, bagaimana dengan bahasa Jawa? Kalau gitu hari Senin wajib berbahasa krama,” katanya.
Mendengar ucapannya yang begitu spontanitas, saya jadi merasa sadar akan kedudukan bahasa Jawa di masa sekarang. Sebagaimana kita ketahui bersama pasar bebas Asia-Afrika (AFTA) akan mulai tahun 2003 dan pasar bebas internasional (NOFTA) akan berjalan tahun 2010. sehubungan dengan inilah maka pemerintah mempersiapkan diri dengan menggalakkan bahasa Inggris di sekolah-sekolah.
Kita sebagai guru mata pelajaran muatan lokal bahasa daerah (Jawa) harus mengakui bahwa bahasa Inggris memang unggul di bidang industri dan teknologi serta dibutuhkan pasar kerja saat ini. oleh karena itu wajar bila anak didik kita kurang menyukai terhadap materi pelajaran bahasa Jawa.
Saya pernah membaca rubrik “Layang Saka Warga” pada majalah mingguan Panyebar Semangat No.10-11 Maret 2002. Isi surat tersebut mengeluhkan adanya anggapan bahwa bahasa Jawa tidak mempunyai masa depan. Menurut saya, bahasa Jawa itu bukan tidak mempunyai masa depan, hanya saja kurang diminati siswa. Mestinya sebagai guru bahasa Jawa, kita harus pandai-pandai dalam menyampaikan materi kita, mengolah dan mengemasnya sehingga menjadi sajian yang menarik.
Abad 21 ini disebut juga era globalisasi. Pada zaman ini nanti, kita mau tidak mau, sengaja atau tidak, pasti akan terlindas zaman. Era globalisasi jelas akan menimbulkan perubahan pada semua aspek kehidupan yang tanpa kompromi. Salah satu penyebab era globalisasi adalah adanya industri dan teknologi. Untuk membuka pintu industri dan teknologi yang umumnya dari negara Barat tersebut, tentunya harus dengan kemampuan berbahasa Inggris.
Dengan bertolak dari hal-hal di atas, bukanlah berarti guru bahasa Jawa tidak mempunyai “masa depan.” Walaupun kalah di bidang industri dan teknologi, bahasa Jawa masih mempunyai keunggulan di bidang kebudayaan. Peran bahasa Jawa dengan kebudayaannya di era globalisasi, yakni akan mendampingi proses pembelajaran siswa (generasi muda) untuk menimba segala ilmu pengetahuan dari mana saja. selain itu bahasa Jawa dan kebudayaannya akan menjadi filter untuk menyaring datangnya kebudayaan asing tersebut.
Selain menggalakkan komunikasi dengan bahasa Inggris, pemerintah juga memprogramkan pendidikan budi pekerti. Pendidikan ini pelaksanaannya diorganisasikan sebagai bagian integral dari mata pelajaran yang relevan. Misalnya Pendidikan Agama, PPKn, Pendidikan Bahasa dan Sastra Indonesia. Menurut saya, bahasa Jawa juga merupakan mata pelajaran yang amat relevan untuk menanamkan budi pekerti luhur siswa . Dengan adanya program pemerintah tentang pendidikan budi pekerti ini yang mulai dilaksanakan tahun 2001/2002, maka andil bahasa Jawa semakin besar dan sangat dibutuhkan pada jenjang pendidikan dasar SD/MI dan SLTP/Mts.
Dalam Strategi Pendidikan Nasional karya Dr. Ir. Indra Djati Sidi (salah satu makalah Simposium Pendidikan Nasional dan Munas 1 Alumni Program Pasca Sarjana Universitas Negeri Malang – 13 Oktober 2001) sebagian tertulis sebagai berikut “Kondisi dunia abad 21 akan mengalami transformasi dalam segala aspek kehidupan manusia meliputi politik, sosial dan budaya. Proses transformasi ini sering dikemas dalam istilah globalisasi.
Dengan adanya proses globalisasi, kehidupan manusia termasuk bangsa Indonesia dipersiapkan agar tidak menatap masa depan tersebut sebagai suatu masalah, tetapi justru mampu memanfaatkan peluang masa depan tersebut untuk meningkatkan taraf kehidupannya.” Kata “budaya” di atas saya garis bawahnya. Budaya artinya peradaban, adab berarti kesopanan. Jadi, bila membahas bahasa Jawa tentu tidak akan lepas kebudayaan orang Jawa itu sendiri. Seperti yang tersebut tadi bahwa yang akan mengalami perubahan di era globalisasi, salah satunya adalah budaya. Selanjutnya perubahan yang terjadi pada budaya (kebudayaan Jawa) tadi janganlah dianggap sebagai suatu masalah, tetapi kita harus bisa menggunakan kesempatan tersebut untuk mencapai kesejahteraan hidup di masyarakat.
Pada kenyataannya sekarang, semakin lankanya yang belajar bahasa Jawa, kebudayaan Jawa justru semakin mahal nilainya. Contoh: bila ada hajatan penganten, masih banyak yang mencari MC (Protokol) berbahasa Jawa (padahal tarifnya lebih mahal dari pada MC berbahasa Indonesia). Belum lagi bila yang mempunyai hajat tadi ingin mendatangkan kerawitan atau wayang, apa ini bukan merupakan “masa depan” bahasa Jawa namanya?
Perlu diketahui lagi, bahwa sampai hari ini masih ada sekolah kerawitan, sekolah dalang, dan kursus-kursus tari atau MC berbahasa Jawa. Kegiatan semacam ini sebenarnya merupakan “massa depan” generasi muda kita juga.
Bila mau berpandangan luas lagi, sekarang banyak kaset lagu-lagu Jawa kreasi baru yang laris dan disukai di masyarakat. Pada tayangan TV juga masih kita temukan pelawak-pelawak berbahasa Jawa, yang juga dikagumi pemirsa, baik kalangan muda maupun tua. Selain itu masih juga kita dapati film-film/sinetron-sinetron dengan menggunakan latar belakang kebudayaan Jawa, yang tidak kalah menarinya buat pemirsa.